Samberana lan Samberani

Udan sewengi menehi hawa kang seger lan resik esuk dina iki. Sunare srengenge nambahi kahanan dadi anget lan endah. Ana sakwenehing titahe Gusti Kang Akarya Jagad isih enak-enakan nggantung ing pucuking pang wit kenanga.
Gedhene sakjempol tangane wong lanang dhewasa.
”Ayo enthung, iki wis awan ayo metu saka ngomah golek pangan, wetengku wis krasa luwe,” cluluke enthung sing sajake wis tangi saka anggone turu suwe.
Anggone turu suwe banget, ora mung sewengi nanging meh seminggu tekan sepuluh dina. Sejatine anggone turu suwe mau luwih pener yen diarani tirakat utawa pasa. Krungu swarane ana enthung alok-alok akon tangi, enthung sing isih nggantung ana pang wit kenanga mau banjur kluget-kluget arep tangi. Anggone tangi ora gampang amarga kudu ngrikiti kemul sing mbuntel sakojur awake.
”Hore aku saiki wis dadi kupu kang endah rupane!” swarane enthung kang saiki wis malih sasi kupu mau karo kleper-kleper ajar mabur. ”Jenengku saiki kupu dudu enthung meneh,” aloke banter nyedhaki kanca-kancane. Esuk kuwi tamansari kaputren keraton Jenggala kebak kupu kang padha mabur.
Kupu sing metu saka enthung aneng wit kenanga mau klebu kupu sing gedhe lan endah wernane. Anggone mabur ngubengi taman kaputren mau pancen ana sing dituju, yaiku nggoleki kupu sing pada karo dheweke. ”He kupu wedok mreneya, ayo dolan karo aku!” aloke kupu lanang karo mabur nyedhaki kupu wedok sing padha jinise. Krungu pangundange kupu lanang sing padha jinise mau kupu wedok seneng banget atine. ”Iya kupu lanang, aku sakesuk ya mabur mubeng-mubeng nggoleki kowe kok kakang,” wangsule kupu wedok karo nyedhaki kupu lanang.
Sakteruse kupu lanang wedok mau banjur padha mabur bareng-bareng golek pangan sinambi nyawang kaendahane tamansari kaputren krajan Jenggala.
”Kupu wedok kowe kok ayu temen, jenengmu sapa?” pitakone kupu lanang.
”Ah,….. kupu lanang kok nakal temen, isiiin….aku yen ditonton kupu liya, kae sawangen isih akeh kupu sing durung nemokake kancane,” wangsulane kupu wedok.
Kupu lanang karo kupu wedok mau banjur mencok aneng kembang-kembang sakperlu golek madu lan sari-sarine kembang.
Bareng anggone mabur sajak krasa kesel, kupu lanang mau bali nakoni kupu wedok meneh,
”Jenengmu sapa kupu wedok, mongsok wis kenalan suwe kok durung ngerti jenengmu.”
Kupu wedok banjur ngguyu karo wangsulan, ”jenengku kupu Samberini, asalku saka wit kembang kenanga ing taman kaputren Jenggala, hla jenengmu sapa kupu lanang?”
”Jenengku kupu Samberana, asalku ya saka wit kembang kenanga ing taman kaputren keraton Jenggala sisih wetan kana.”
Bareng wis ngerti jenenge kupu lanang lan kupu wedok mau banjur mabur meneh runtang-runtung rukun banget. ”Yen wis dadi kupu ngene iki akeh sing padha seneng ya, beda karo nalika awake dhewe isih dadi uler kae,” ujare kupu Samberana marang kupu Samberini,
Kupu lanang lan kupu wedok sing jenenge Samberana lan Samberini mau kaya wis padha tresnane, sanajan ing tamansari kaputren krajan Jenggala iki akeh kupu sing endah-endah rupane, nanging atine samberana lan Samberini wis nyawiji pengin urip lan mati bebarengan.
”Ya wis Kakang ayo padha golek pangan kanggo turu wengi iki, delengen kae srengengene meh arep angslup!” Kupu Samberana lan kupu Samberini banjur mencok ana sakpucuking wit kenanga dhuwur.
Nalika wayah esuk repet-repet, kupu Samberana lan kupu Samberini wis padha tangi turu. Nanging wayah esuk iki rasane awak rada beda, wetenge kupu Samberini malih dadi tambah gedhe, dene kupu Samberana awake ya krasa lungkrah kekeselan amarga sedina wingi padha gegojegan lan dolan menyang ngendi-endi papan.
”Kakang awakku kok rasane lara kabeh, apa aku arep ngendhog ya?”
”Ya, bener Samberini, mbokmenawa sore mengko kowe bakal ngendhog, mula ayo dina iki golek papan kanggo ngendhog sing paling aman.
Sakbanjure kupu Samberana lan kupu Smaberini padha mabur golek panggonan kanggo ndelehake endhog-endhoge. Kabeh wit-witan ditekani lan diambu gandane, dipilih lan digoleki sing cocok karo pangane. Nalika mubeg-mubeng golek wit-witan mau nganti tekan sore lagi bisa nemokake.
”Hla yen iki genah wit kenanga, godhong wit kenanga iki mbesuk dadi pangane anak turune dhewe sing isih wujud uler,” kandhane kupu wedok Samberini karo miling-miling golek panggonan.
Bareng wis nemokake godhong sing diwawas aman saka ancamane sato kewan lan menungsa, kupu Samberini mau ndelehake endhog-endhog sing cacahe watara lima tekan sepuluh iji. Kupu Samberini banjur bablas mabur nututi kupu Samberana sing wis ndhisik mabur adoh.
Kupu lanang lan kupu wedok mau banjur padha mabur adoh, nanging abure wis ora banter meneh, sakliyane awake wis kesel naging uga umure Samberana lan Samberini iki pancen ora dawa.
Ing liya dina menawa ora ana alangan sawiji apa, endhog-endhog sing diselehake ing suwalike godhong wit kenanga mau bakal netes wujud uler cilik-cilk, pangane godhong wit kenanga, wujude nggegilani kae. Uler-uler cilik mau panggaweyane ya mung mangan godhong rina lan wengi, mula godhong wit kenanga kadhang-kadhang nganti entek gripis, bareng wis dadi uler gedhe wujude sansaya nggilani sanajan ora nggateli.
Nanging yen uler-uler mau padha gelem tirakat utawa pasa ora mangan ora ngombe aneng sakjeroning kemul sing rapet utawa wong akeh ngarani malih dadi enthung sing ora weruh endi elor endi kidul kurang luwih seminggu tekan sepuluh dina bakal malih dadi kupu sing jenenge kupu Samberana lan Samberini, ngono sakteruse. ::Sumedi::

Solopos

Categories: sastra | Tinggalkan komentar

Navigasi pos

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Buat situs web atau blog gratis di WordPress.com.

%d blogger menyukai ini: