Cerkak “Wong Saomah Bubrah”

Bali saka sekolah, Diyah Herwanti kaya padatan, sing ditemoni neng ngomah ya mung Inah rewange. Sing olehe ndherek wis antarane telung taun, sawise lulus S.M.P ne. Sejatine mono kuwi ya bocah pinter lan gathekan, ning gandheng arep neruske sekolah ora ana wragad, mula ya njur ndherek dr. Dakda sing ana kutha.

Sing nglantarke Paijo tukang kebone, sing asline padha-padha bocah saka Wonosari tanggane Inah. Dadi umure Inah ya sajajar karo Diyah sing saiki klas telu S.M. A majikane kuwi. Bareng wis nyopot seragam, nyedhaki Inah takon :

“Mas Darmono durung bali, yu ?”

“Dereng jeng, mbok menawi sakedhap malih. Menawi ngersakaken dhahar sampun matengan jeng, ning kula dereng kober tata dhahar, mangga mundhut piyambak.”

“Ora, yu, aku mentas jajan bakso karo kanca.” Bubar kandha ngono terus mlebu kamar, awake dibrukke neng dhipan, atine nelangsa. Batine : Dina-dina neng ngomah mung karo rewang. Bapakne dokter ahli anak-anak, sing samulihe saka tugas neng R.S. njur neng papan prakteke ing Jl. Kemang I, sing dohe saka ngomah kira-kira kilometer 4.

Ibune kerja neng apotik, wong biyen ya tilas akademi farmasi dadi ngerti obat-obatan. Senajan esuk wis tugas, ning sore sok bali lembur, dadi ya sithik banget ana ngomah.

Darmono kamas siji-sijine, kuliah ada kedokteran semester papat, ning kegiatane di luar kampus ya sadhabreg, mula ya arang-arang bisane omong-omong gedhene gojeg karo kamase.

Diyah unjal ambegan. Ati rasane kepingin benget kaya kanca-kancane, sing padha ditunggoni wong tuwane sawise bali kerja. Bisa crita-crita, bisa ngajak ibu utawa bapake neng toko tuku apa ta apa ? Ning denea dheweke ora ? Ah ati rasane nalangsa lan tumlawung kasepen. Mangka dheweke ngrumangsani yen tansah mbangun miturut marang wong tuwa. Sekolah durung nate nunggak, tur apa wae mesthi jujur. Senajan kinembeng dhuwit, nanging Diyah dudu klebune bocah sing seneng hura-hura boros.

Ya bener kancane anake wong sugih-sugih, ning rombongane Diyah pancen klebu bocah sing dha tumemen sekolahe. Lagi nengah-nengahi ngumbar gagasan, ndadak HPne muni. Gage di saut njur ditempelke kuping.

“Halo, iya-iya, ngapa Pram ?” Diyah meneng ngrungokke swara saka adoh kana. Nuli kandhane :

“Iya-iya Pram, timbang aku neng ngomah sepi, aku tak mrono. Ning tenan hlo, lotisan sing pedhes kae.” Sawise ngrungokke sing omong saka kadohan sedhela njur manthuk-manthuk karo kandha :

“Yoh-yoh iki aku mangkat, dag-dag.” HP banjur dipateni terus disak.

Pancen bener, sing ngebel kuwi Pramesti kanca kenthele. Padha dene kutu buku, sing neng sekolahan bijine tansah undha-undhi, kaceke siji …. loro.

Bapake ya dokter, tur putrane malah papat, Pramesti mono anak ragil. Kamas lan mbakyune wis padha mentas lan dadi uwong. Sing neng ngomah ya mung keri Pramesti kuwi. Dina kuwi Pramesti ngebel Diyah diajak lotisan. Senajan Kaliurang mono saka kutha lumayan adohe, ning kanggone wong sing seneng ya dudu masalah. Diyah sat-set ganti kaos lan clana, wis karo ngetokke motor pamit karo Inah :

“Yu, aku neng Kaliurang neng omahe Pramesti arep lotisan, dhasar iki malem Minggu tur ora ana P.R, dadi aku rada bebas.”

“Inggih, jeng ndherekaken.” Inah ngetutke majikane tekan pintu gerbang. Sawise nutup banjur bali karo ngudarasa :

“Wah bendaraku siji iki jan …., wis ayu pinter nriman tur betah ana ngomah (mugen). Mangka bapak ibune, ngomah mung sasat kanggo ampiran, dina-dinane jare mung kanggo lembur golek dhuwit. Semono uga mas Darmono, kok ya ana-ana wae acarane sing kudu metu saka ngomah. Sakjane aten-atene Darmono ya kaya adhine, apikan, karo sadhengah wong srawunge supel tur welasan. Eman ….., keluargane pak dokter sugih kuwi ora tau kober jagongan, gojeg-gojeg sak klulawarga sing mirunggan. Kabeh-kabeh sibuk karo urusane dhewe-dhewe, yen ketemu mung kaja jethungan, ketemune ya yen mapan sare. Kuwi wae Inah sok weruh, yen pak dokter kondur bengi, sok njur nggloso neng sofa kamar tamu. Ah iba mulyane, yen weruh majikane kuwi olehe padha gojek utawa guyon, sayange blas …. ora tau.

Darmono utawa Diyah, yen pingin omong-omong ya mesthi ngundang dheweke. Rumangsane Inah, dheweke malah kaya wong tuwane. Kabeh uneg-uneg ing ati bocah loro kuwi ngerti tenan. Ing atine Inah ana rasa mesakake karo bocah loro kuwi, sing kaya-kaya ngelak kawigatene wong tuwa. Yen bab dhuwit lan kebutuhan-kebutuhan …. jelas ora kekurangan.

Diyah tekan nggone Pramesti, wis ditunggu ana teras, malah ibune wis ngracik buah sing arep dilotis lan nguleg sambele. Nalika ibune pirsa Diyah mlebu pekarangan wis gumujeng, bareng wis lungguh banjur ngendika grabyak :

“Ora ngajak kanca sapa-sapa nak Diyah ?”

“Mboten bu, Pramesti inggih mboten aken ngajak sinten-sinten.”

“Wadhuh mangka olehku ngonceki buah wis kebanjur akeh je”

“Inggih mboten punapa-punapa ta bu, mangkeh menawi mboten telas tak saget dipun paringaken kulkas.”

“Pram …. ! kowe kok ora ngundang sapa-sapa ta ?” Pitakone marang Pramesti.

“Ah … aku sing kepikiran ki mung kowe je, Yah.” Wangsulane Pramesthi cekak. Bareng lotisan wis dadi, wong telu karo ibune gayeng olehe padha ngrahapi, sinelan ing guyon lan wah …. weh magap-megap ngrasakke nimate kepedhesen. Batine Diyah, iba senenge yen aku bisa ngene iki jroning keluargaku.

Lagi nengah-nengahi asyik lotisan, ada sedhan mlebu. Pak Dokter Baskoro, bapakne Pramesti kondur. Ngerti garwane kondur putrine njur jumeneng karo ngendika :

“Wis kono dha dipenakke, aku tak laden bapakmu. Weruh iku mau, Diyah kandha :

“Begjo kowe Pram, keluargamu mesra lan cedhak, balik aku, kabeh wong tuwaku sibuk dhewe-dhewe.”

“Sabar Yah, sesuh rak ora.” Kandhane Pramesti nglipur. Bareng wis tutug anggone lotisan sinambi ngobrol, kira-kira jam papat, Diyah pamit mulih.

Nalika wis arep tekan pintu gerbang dumadakan …. sliri ana Corola ijo liwat. Diyah ora pangling yen kuwi mobil titihane bapake. Motor ora sida dislah, ning malah distandartke ning cerak grumbul Karosela sing asri kuwi. Diyah gage amping-ampingan wit Puringraja sing ngrembuyung karo nyawang keplasing mobil. Elha dalah kok jebul mandheg ing Losmen Arum Ratri, iring lore omahe Pramesti. Diyah sabar nunggu amping-amping gondhong puring. Ya ampun …. jebul tenan. Saka sopiran njedhul bapake sing njur neng pintu samping, mbukak lawang mobil. Sing metu bocah wadon enom sajajare, dandanane menor. Roke ngapret sa ndhuwur dhengkul, dirangkul bapakne mlebu Losmes Arum Ratri.

Diyah gage ngetokke HPne. Wong loro sing rerangkulan kuwi di jepret saka mburi mung sakedheping netra. Diyah gage mulih kanthi gembol ati sing mbentoyong. Ya wiwit kuwi Diyah ora percaya karo bapakne. Tekan ngomah sing ana mung Inah. Kamase Darmanto jare mau ya wis bali, ning njur diampiri kancane jare arep tandhingan basket. Ngerti Diyah bali, Inah gage nari Diyah mangan, rekane arep tata dhahar, ning Diyah emoh jare yen butuh mangan arep golek dhewe.

Saka rumangsane Inah, Diyah bali saka dolan praupane kok ketok sedhih, mbok menawa wae ngerti bapak ibune durung kondur. Mula pangarih-arihe :

“Jeng Diyah, sekedhap malih, bapak lan ibu rak lajeng kondur.” Ning wangsulane Diyah jebul sajak wis mangsa bodhoa tembunge :

“Wis yu, aku ra mikir. Wis embuh kono, wis sepuh rakya padha bisa mikir dhewe.”

“Kok ngaten, jeng ?” Inah nyapih atine Diyah sing sajak ora keduga kuwi.”

“Lha ya piye, wong kerja mono rakya ana watese, ning nyatane ?” Diyah banjur mlebu kamar katrem, dene Inah setya nunggu sing didhereki nganti padha kondur.

Ganti dina Pramesti njanjeni Diyah yen suk dina ulang taune sing kaping 18 seminggu sadurunge ujian, Pramesti arep nembung wong tuwane ya bapak ibu Dakda yen Diyah arep dikon nginep ing omahe ora ketang mung sawengi, jare ben tepung karo sedulur-sedulur sing wis adoh padha merlokke mulih, lan karo rewang.

Dina Minggu kabeh ngepasi ana ngomah, Pramesti matur, lan bapak ibu Dakda uga marengake. Awit pancen padha ngerti tenan yen Diyah putrane kuwi bocah sing lugu tur becik atine. Hari H sedina sadurunge ulang tahun, Pramesti sore sekira jam telu wis methuk Diyah nganggo mobile bapake disetiri dhewe. Wektu kuwi, Diyah ya mung karo Inah rewange. Jare ibune lembur, lan bapake langsung neng rumah prakteke. Mula budhale Diyah ya mung pamit Inah. Pramesti kandha yen Diyah arep dijak banja kebutuhan sing kanggo sesuk, klebu tuku kembang sing kanggo ngisi vas-vas.

Bareng wis pesen roti ulang tahun, Pramesti ngajak tuku kembang ing cedhak bioscop Purnama sing nalika iku muter film “Rahasia Perkawinan” sing dibintangi Yathi Oktavia karo Roy Martin.

Nalika milih-milih kembang, ndadak ing parkiran iring gedhung bioscop, ana priyayi kakung putri mundhun, banjur runtung-runtung wong loro mau nyedhak loket karcis. Sing putri digandheng ketok mesra banget. Iba kagete Diyah, bareng namatke sing putri, jebulane ibune. Digandeng pak Nurhadi sing nduwe apotik kuwi. Diyah gage mungkur, ngawekani e … mbok menawa ibune ngingetke ing papan kono. Bareng dheweke mbalik, ibune karo pak Nur wis ora katon, mesthine wis entuk karcis njur dha mlebu. Atine Diyah dadi bingung, ning meneng wae, kuwatir yen Pramesti ngerti.

Bareng wis rampung mbayar kembang, bocah loro banjur munggah mobil mulih. Tujuane Diyah nginep pancen arep rewang. Tekan ngomah dhekor wis rampung banjur tata kembang ing vas. Jebulane olehe nak-nik nganti sauntara, iku wae vase kurang. Mula kandhane Diyah :

“Aku tak mulih njupuk vas ya Pram, ben diterke sopir sedhela.”

“Nek ora kesel ya kana Yah, ning janji bali lho !”

“Iya ta wis, kapan aku goroh ?” Diyah atine seneng, sire karo arep mbuktekke, ibune wis neng ngomah apa durung. Nalika wis neng dhalan, lampu mobil, bola-bali mbleret, marakke lakune rada rindhik ngati-ati. Sopire kandha :

“Wah menawi taksih wonten bengkel bikak, punika kedah kendel jeng, saperlu nyambut alat kangge ngleresaken.”

“Pojok ngriya pekawisan kula wonten bengkel motor, pak.”

“Wah kula kendel mriku jeng, cekap nyambut drei kok.” Tenan tekan pingkolan sing arep mlebu gang, mobil mandheg, sopire ndandani lampu… Rehne omahe mung keri cedhak rekane Diyah mlaku wae, mengko ya njur bali neng bengkel motor kono.

Nalika wis mlebu pekarangan, keprungu swarane mobil saka mburi. Diyah gage nylingker neng mburi wit palem botol sing gedhe, iring omah. Mobil mandheg.

Jebul ibune sing saka nonton lagi bali. Bareng wis mudhun, ing clongopan dalan, pak Nur lan ibune isih omong-omong sawetara. Bubar iku, pak Nur lan ibune, rangkul-rangkulan, lan aras-arasan kaya bocah enom kae, nganti tutug. Bubar kuwi pak Nur lagi mlebu mobil, lan ibune tumuju lawang.

Diyah weruh sesawangan ngono mau, tumuli nutupi raine nganggo tangane karo pisan. Bareng ibune wis ngebel lan dibukakke lawang Inah, Diyah ora sida njupuk vas, ning bali neng bengkel motor, kebeneran lampune wis ramung didandani. Weruh Diyah wis bali, sopire takon :

“Sampun, jeng ?”

“Sampun pak.” Mangsulane cekak, terus mlebu mobil, bali. Tekan ngomahe Pramesti, Diyah kandha yen vase sore mau disilih tanggane sing lagi mantu, dadi ora nggawa.” Pramesti kandha :

“Rasah repot yah, wong nganggo gelas wae dadi kok.” Diyah mung mesem, senajan atine rontang-ranting mikirke trekahe ibune.

Ya wiwit ngerti yen bapak ibune padha tumindak slingkuh, saiki Diyah arang-arang omong. Yen omong-omong ya mung karo Inah lan sok-sok karo kamase, iki wae mung winates.

Saya mikir, atine saya judheg, marakke ora selera mangan lan angel turu. Piye bisane ngelingake wong tuwane.

Tambah-tambah keri-keri iki Darmono kamase kerep mulih wengi, sing esuke mangkir kuliah. Ora wurung ya Inah sing ngladeni kabeh kebutuhane. Awan bengi mlebu metu ing kamare kamase. Darmono keri-keri iki ketok manja karo Inah. Batine Diyah, karang bapak ibune ora tau dha neng ngomah, mangka sing isa ngladeni lan disambati ya mung Inah. Muga wae Inah tansah krasan ngawula ing omah iki. Ngono batine Diyah. Yen awan sekolah pancen keslamur, ning yen bengi Diyah angel turu merga tansah mikir.

Wiwit sore Diyah wis mlebu kamar mapan lan ya bisa turu, ning tengah wengi dheweke nglilir merga krasa arep pipis. Wusana metu alon-alon.

Nalika ngliwati kamare kamase, kok menga sitik, rekane arep ditutup. Ning bareng ngungak kamare kok kosong, neng ngendi kamase ? Diyah rekane arep nothok lawange Inah takon kamase, ning ana ngarep lawang kok keprungu swara pating klesik. Diyah ora pangling yen kuwi swarane Inah lan kamase. Ditunggoni nganti sawetara, ning njur sepi, mung sok-sok keprungu komrongsoging ambegan.

Diyah atine mungkat. Alon-alon tumuju pekiwan, ning olehe mbukak lawang disendhal sero, dijarag ben dha keprungu. Neng pekiwan sawetara, gruja-grujuge banyu ya dijarak sero. Tenan bareng arep mlebu, kamare kamase wis tutupan rapet.

Diyah yakin yen kamase lan Inah wis padha edan. Tekan kamar, Diyah ngebrukke awake, banget ing susah, bingung nggrantes atine, dene wong saomah wis padha edan kabeh.

Wis sepasar iki Diyah ambruk …. jan lara tenan, ora bisa mlebu sekolah. Di pirsa bapake ya manut, ning yen diwenehi obat ora tau dipangan.

Dokter Dakda judheg, banjur njaluk tulung kancane dokter ahli dalam mirsa anake. Tinemune pepriksan, dokter ahli dalam mau ngandhakake yen merga pikiran. Gandheng kahanane Diyah wis nguwatirke, mula sarane kudu digawa neng rumah sakit mondhok. Ning Diyah emoh. Bapak ibune lan kamase ngerih-erih ning ora digubris. Diyah arep diangkat peksa neng ambulan, tetep emoh …. wangkot. Kabeh judheg. Wusanane kandhane Diyah :

“Kula purun mondhok, ning bapak, ibu, mas Darmono, janji saguh nengga kula wonten griya sakit lan wonten nggriya terus, sak mantunipun.”

“Iya-iya ndhuk aku saguh.” Sumaure bapak ibune.

“Bapak kedah kersa kendel anggenipun bikak praktek, cekap ngasta wonten nggriya saket kemawon.”

“Tikna ngapa, ndhuk ?” Diyah nggagapi ngisor bantal njupuk foto banjur diulungake bapakne. Foto lagi diiling-ilingi bapakne, gage disaut ibune. Bareng wis didelok, tumuli kandhane sentak :

“O …. ngono ta, pak, njur iki wedokan ngendi ?”

“Sabar … bu ….. sabar.” Kandhane Diyah pendhot-pedhot ngampet tangis.

“Ibu kedah kersa medal anggenipun nyambut damel ing apotik.”

“Lho …. aku rak perlu ngrewangi golek dhuwit, ndhuk.”

“Mboten usah, awit ibu sampun slingkuh kaliyan pak Nur.”

“Ngawur kowe Diyah …. aja waton muni kowe.” Kandhane ibune lantang.

“Ibu mundhut bukti ?. kala bibar nonton film ing Purnama, Pak Nur ngeteraken ibu mantuk, punapa ingkang ibu lan pak Nur tindakaken sasampunipun mandhap saking mobil, saderengipun ibu mlebet griya ?” Punika sampun mbuktekaken menawi ibu sampun slingkuh.”

“O … dadine ngono ta bu, olehmu saben dina pamit lembur.” Ngendikane pak Dakda.

“Sampun pak …. sampun, lan salajengipun kula nyuwun yu Inah kedah kesah saking griya ngriki (dipun wedalaken).”

“Ora … ora bisa. Inah kudu tetep ana kene. Yen Inah dikon lunga, aku ya kudu lunga. Aku sing kudu tanggung jawab karo Inah.” Kandhane Darmono dhadhag. Kabeh sing krungu padha gumun. Nuli kandhane Diyah lirih ning cetha :

“Bagus mas, kowe bagus watakmu satriya, senajan durung tak dumuk, ning kowe wis ngaku dhewe kaluputanmu.”

“Inggih jeng Diyah, kula sagah kesah margi kula sampun lepat.” Kandhane Inah.

“Luputmu apa Inah ?” pandangune pak Dakdo.

“Inggih … inggih pak, kul …., kula sampun ngandheg kalih wulan kaliyan ingkang putra mas Darmono.” Kandhane karo nangis.

Bapak ibu Dakda njomblak kaget. Diyah nyapih.

“Sampun … sampun ! Mas, rehne kowe wis ngaku lan saguh tanggung jawab, becike gage nikah, yu Inah diresiki.” Darmono manthuk. Kabeh meneng, nglenggana marang kalupudhane dhewe-dhewe. Bareng wis ora ana sing dadi pikiran Diyah kandha :

“ Saiki ayo mas Dar, aku bopongen neng ambulan, saiki aku gelem mondhok berobat neng rumah sakit. Darmono mbopong Diyah ditutake Inah, sisan katut ambulan, dene pak Dakda karo sing putri samobil ngetutke ambulan. Kabeh anem. Bathine pak Dakda : jebul wong saomah kabeh wis bubrah, sing marahi lara, anakku Diyah.”

Tamat

Categories: sastra | 2 Komentar

Navigasi pos

2 thoughts on “Cerkak “Wong Saomah Bubrah”

  1. nur afni f

    emmm bgus bnget ni critanya,,,

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Buat situs web atau blog gratis di WordPress.com.

%d blogger menyukai ini: