Sing Salah Bakal Seleh

Kagading pengadilan ing jaman kuna karo jaman saiki pancen bedane adoh banget. Yen ing jaman biyen isih akeh wong jujur lan wedieurusan karo perkara pidana, seje karo ja­man saiki. Wong ora sungkan-sungkan urusan karo pengadilan, amarga akeh pe­jabat pengadilan sing ora jujur alias bisa dituku. Malah jaman saiki ana sing je­nenge markus alias makelar kasus. Jaman biyen wong salah akeh sing seleh, tegese durung nganti disidhang wong sing salah mau wis ngakoni salahe kanthi cara ora wa­ni teka ing pengadilan merga rumang­sa  isin. Ewa dene jaman saiki wong ora gelem teka menyang pengadilan nganti ana istilah dikeler utawa dijemput paksa. Saliyane kuwi uga ora isin ngorak-arik uka­ra sing salah dadi bener lan sing bener dadi salah lan sapanunggalane amarga anane markus mau.

Kedadeyan ing jaman Mataram Kuna (ndhisik katelah Hindu-red) taun 922 Ma­sehi kepungkur ing sawijining dhaerah jenenge Wurudul Kidul (saiki karan Jog­jakarta), ana lelakon sing bisa dadi tepa tuladha bab jejeging pangadilan. Ceritane ing jaman semana ana wong sing jenenge Dhanadi. Dheweke sawijining sudagar su­gih sing wektu kuwi kena perkara masalah pajeg. Ceritane ing sawijining dina Dha­nadi ketamon pegawei pajeg sing jene­nge Wukajana. Ing jaman semana peja­bat sing tugase narik pajeg diarani Sam­gat Maghuri. Tekane Wukajana ing omahe Dhanadi, jalaran dheweke duwe pandak­wa yen Dhanadi nyathut utawa ngem­plang pajeg. Larah-larahe, ing jaman se­mono pancen ana peraturan, wong asing alias dudu asli penduduk Mataram, mba­yare pajeg kudu tikel pindho diban­dhingake wong Mataram asli. Dhanadi dianggep wong asing dening Wukajana.

“Kowe aja selak, Dhanadi, warna kulit lan praupanmu dudu kaya wong Mata­ram, kowe mesthi wong saka Swarna Dwi­pa (Sumatra) utawa malah kepara wong Campa (Singapura) utawa China” pandakwane Wukajana.

“Kula wani disumpah, yen kula sak bapa biyung kula niku tiyang Mataram asli, sanajan kulit lan rupa kula kados wong China campuran Melayu” wang­sulane  Dhanadi.

“Ora bisa, kowe tetep wong asing, alesanmu kuwi merga mung pengin ngen­dhani mbayar pajeg sing akeh wae ta” tudhuhane Wukajana ora surut na­nging malah sangsaya ndadi.

“Inggih sampun, mangga dibuktek­aken ing pengadilan” tantange Dhanadi marang Wukajana.

Ing wusana perkara mau sida mung­gah tekan pengadilan. Kanggo mbuktek­ake bener luput pandakwane Wukajana marang Dhanadi, Sam Pamget (saiki ara­ne Hakim) Padhang Mpu Badhra nimbali kabeh sedulur, bapa biyung lan mbah-mbahe Dhanadi, wiwit saka trah bapake nganti teka trah ibune. Asile sidhang ing pengadilan mbuktekake yen Dhanadi pancen anak turune wong Mataram asli.

Nanging keputusaning pengadilan iki ora bisa ditrima dening Wukajana. Ing liya dina, liya wulan, liya taun, dheweke kongkonan anak buahe sing jenenge Pa­mawira supaya ndakwa Dhanadi maneh minangka wong asing. Saikine, dening Pamawira, Dhanadi didakwa minangka Wka Kmir utawa keturunane wong  Khmer (saiki karan Kamboja). Supaya per­kara mau ora kebacut-bacut, Pamawira nawani dalan damai utawa njaluk ‘dhuwit pelicin’. Nanging Dhanadi tetep wani maju ing pengadilan. Dening Sam Pamget Juru Madandar kasunyatane diputus yen tu­dhuhane Pamawira mau sing luput. Pa­mawira ora wani teka ing pengadilan amar­ga wong sing nudhuh tanpa bukti bisa kena pidana, jalaran dianggep mite­nah. Apa maneh sawise dianakake pe­ngu­sutan, tudhuhane Pamawira sing di­dha­langi Wukajana mau adhedhasar pe­ngin meres utawa pungli. Pengadilan wu­sanane mutusake Pamariwa lan Wukajana  luput lan aweh ganjaran pidana kun­jara. ***

Categories: sastra | Tinggalkan komentar

Navigasi pos

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Buat situs web atau blog gratis di WordPress.com.

%d blogger menyukai ini: