Roman “Umbah-umbah Dewe”

Aya saiki kelas VII alias kelas 1 SMP. Dadi bisa dikira-kira, umure kira-kira 12 taun. Sekolah nang SMP Negeri, kira-kira jarake 5 kilo saka daleme eyange. Lha kok daleme eyange? Iya merga Aya ndherek eyang wiwit cilik banget. Durung sekolah TK Aya wis nang kene. Karo Ibu lan mbakyune. Ngancani Eyang Putri sing kari piyambakan.

Wiwit cilik Aya ora tau tandang gawe. Klambi reged, kari nyeleh nang kranjang. Piring reged, kari diglethakake nang dhapur, pengin maem kari matur, wah jan kepenak banget.

Yen mulih sekolah, Aya numpak angkot. Bareng karo kanca rakete, Sika lan Putri terus dolan dhisik nang omahe Aya. Bocah loro iku nunggu dipethuk Ibu utawa bapake dhewe-dhewe. Merga yen langsung mulih omah, ora betah amarga omahe suwung. Lha yen nang omahe Aya, bisa guyon-guyon dhisik, maem bareng-bareng, dolanan hape, maca buku. Sika lan Putri betah banget nang nggone Aya, koleksi bukune akeh. Ibune Aya seneng mundhutne buku.

Awan iku, Sika ngomong, ”Oh iya … aku ora bisa suwe nang kene, Ya.”

“Ana apa ? Iki rak dina Setu. Apa kowe nang gereja? Biasane rak Minggu, ta?” pitakone Aya. Sika pancen sregep nang gereja, yen Aya sregep ngaji nang masjid.

“Ora, Ya. Aku arep umbah-umbah.”

“Hah… umbah-umbah? Kowe umbah-umbah dhewe?” Aya lan Putri takon bareng-bareng. Lambene mlongo kabeh.

“Lha kowe rak isih cilik, ta Sik” jare Aya.

“Ya ora apa-apa ta. Apa ora entuk?”

“Lha apa bisa resik?” genten Putri takon.

“Resik utawa ora gak masalah. Sing penting aku mandhiri. Ora gumantung Ibu utawa wong liya,” Sika kandha karo tetep dolanan hape.

Aya wiwit mikir, “Aku iki kok kebangeten ya…. Brak-bruk wae. Yen Ibu lagi umbah-umbah, aku mung meneng wae. Malah sok-sok nambahi regedan karo matur: titip ya Bu … Ngono Ibu ya mung mendel wae. Malah mesem. Aku kebangeten …”

Mripate Aya wiwit kembeng-kembeng. “Aya, kena apa? Kowe lara?” takone Putri karo nyawang Aya.

“Ora. Ora apa-apa.”

Ora suwe, bapake Sika rawuh. Sika mulih. Putri karo Aya isih terus dolanan nanging Aya dadi aras-arasen dolanan. Dheweke isih mikir omongan Sika. Ibune Putri rawuh. Putri pamit.

Sakwise Putri mulih, Aya nutup lawang kamare, “Ceklek.”

“Piye, ya …” Aya mikir maneh. “Aku bisa ora ya …?”

Wengi iku, kaya biasane Aya, mbak Ratna, Ibu lan Eyang maem bareng. Wektu maem bareng mesthi gayeng. Akeh obrolan, crita sing lucu-lucu lan sing biasane akeh crita Aya. Nanging wengi iku beda. Aya meneng wae. Mung ngrungokake Ibu lan mbak Ratna cerita.

Suwe-suwe, Ibu ndangu, ”Aya, ana apa kok meneng terus. Apa kowe lara?”

“Ora, Bu.”

“Lha terus kena apa? Ora bisa nggarap ulangan? Entuk sms elek saka kancamu? Apa ana sing ‘nembak’?” Ibu ndangu serius nanging mbak Ratna ngakak.

“Ibu iki mesthi nggodhani aku. Aku ora seneng,” Aya dadi mrengut, merga ngerti banget Ibu senenge main sandiwara. Wajahe serius nanging pitakonane lucu.

”Ya wis.. sori, Dhik… Saiki tulung cerita nang Ibu, apa sing marahi wajahmu semendhung awan iki. Ibu susah yen anake kaya ngene.”

“Anu, Bu. Wiwit sesuk aku arep umbah-umbah dhewe,” Aya matur karo ndhingkluk.

“Umbah-umbah dhewe… lha alesane apa? Apa yen Ibu sing umbah-umbah kurang resik?”

“Ora … ora ngono, Bu. Ibu pirsa ta, aku iku paling tuwa dibandhingne Sika lan Putri. Aku lair wulan April, lha Sika Oktober.”

“Lha apa hubungan karo umbah-umbah?”

“Sika wis bisa umbah-umbah dhewe. Malah wiwit SD, lha aku malah durung tau umbah-umbah dhewe. Pareng ya, Bu?”

Ibu kendel wae, Eyang mulai mbrabak socane.

“Adhik wis bisa carane? Nganggo mesin cuci ben luwih cepet lan ora kesel awakmu, ya. Jane Ibu ora setuju, nanging yen alesane kaya mengkono, ya piye maneh?”

“Alah… paling mung pisan pindho, Bu. Pirsani wae, wulan ngarep rak brak-bruk maneh,” mbak Ratna nyepelekne.

“Ora, Bu. Insyaallah aku ora ngono. Iki tenanan kok. Aku isin, wong aku wis gedhe. Nanging nganggo tangan wae sisan mandi sore.”

“Ya, ndhuk.. Aya sing ayu. Ibu marengne. Nanging kudu gelem nampa kritik yen pancen kurang resik.”

“Yes…yes..! Alhamdulillah… iki langkah awalku dadi cah gedhe.” Aya pencolodan kaya cah cilik kae.

Sesuke Aya semangat banget. Sore sak wise Sika lan Putri bali, dheweke menyang kamar mandi. Arep adus ngiras umbah-umbah. Umbah-umbah dhewe sing perdana.

Nang kamar mandi wis ana sabun kanggo umbah-umbah, ember lan sikat. Klambi mulai diwenehi banyu terus dicemplungne nang banyu sabun. Alon-alon Aya nyikat klambine. Jebul rada angel. Ganti acara, dikucek wae. Lha nanging tangane lara. Wah… wis embuhlah, sing penting wis kena banyu lan sabun.

Metu saka kamar mandi, Aya mesam-mesem. Mara nang mesin cuci. Digaringne terus dipepe.

Ibu mirsani nalika Aya mepe klambi. Marani. Klambine diambu. “Dhik, kritik ya… wis pinter nanging ketoke iki isih kotor. Caramu ngumbahi piye?”

Banjur Aya cerita carane umbah-umbah. Ibu kekelen kae. Terus ndhawuhi carane sing umum lan biasane isa resik tenanan. Aya manthuk-manthuk. “Sesuk tak jajal!” janji marang awake dhewe.

Tekade Aya gedhe lan pancen tenanan ora mung sepisan pindho olehe umbah-umbah. Merga Aya terus umbah-umbah dhewe, masia awake kesel. Nanging dheweke marem, bisa mandhiri lan ora nambahi bebane Ibu.

Categories: sastra | Tinggalkan komentar

Navigasi pos

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Blog di WordPress.com.

%d blogger menyukai ini: