Adeging Budaya Srana Lelagon

Yo pra kanca dolanan ing jaba
Padhang mbulan, padhange kaya rina
Rembulane kok ngawe-awe
Ngelingake aja padha turu sore
Capet capet isih kelingan, biyen jaman cilikanku jan seneng banget yen karo kanca-kanca padha dolanan karo nembang ing bale dusun, utawa ing latare Pak Dhe sing pancen amba banget. Senajan wis ana TV, kanca-kanca yen bar Magrib tetep luwih seneng padha dolanan gobak sodor, lelagon karo cangkriman. Rasa rumaket sajroning kekancan krasa banget.
Dene nek ngrasake jaman sak iki, jan getem tenan aku. Siji loro nang Kutha Yogya nemoni bocah sing bisa ngomong nggango basa Jawa, apa maneh krama inggil. Yen tak takoni, sajake basa Jawa kuwi angel disinau, tur ora pati penting. Wong tuwane uga padha wae, luwih seneng yen anake pinter basa manca (Inggris, Arab lan sakpanunggalane). Kamangka sakngertiku jenenge budaya, kabudayan, aksara Jawa, seni lan sakpanunggalane kuwi kabeh bisa lestari srana piwulang lan laku budaya.
Para winasis padha sarujuk marang piwulang tumrap bocah cilik kang isih timur sing bakal bisa ndadeke lestarine budaya. Dene piwulang sing trep kanggo bocah kuwi kanthi lantaran seni budaya kayata beksan lan lelagon. Amarga bocah sing isih timur luwih seneng marang babagan kang ndadeke atine seneng lan gumbira. Sing dadi pangajab ing tembe buri, kanthi laku budaya bocah duwe kekarepan sinau budaya Jawa kang luwih akeh. Jlentrehe bocah sing isih timur luwih gampang anggone nggula wenthah, ateges bisa digambarake minangka dluwang putih kang isih bisa ditulisi sakprelune. Beda yen sing diajak nguri-uri budaya kuwi sing wis dhewasa. Jan angel tenan.
Ora bisa diselaki yen saiki budaya kuwi isih diakoni nanging akeh sing ora nglakoni, ateges wong Jawa akeh sing kelangan marang Jawane. Amarga pancen wis ora ngerti carane, saiki wong tuwa kuwi luwih seneng nukokake anake komputer, game lan komik. Coba yen wong tuwa nukokake anake dakon, alat gobak sodor, wayang, kempul, kendhang, slendhang kanggo beksan, buku wayang, buku sinau basa, lan sak panunggalane.
Tresna jalaran kulina
Rasa mongkog, jroning atiku ngerteni yen ing sawetara wektu ana festival lelagon, beksan karo dolanan bocah ana ing tlatah Solo karo Yogyakarta. Nanging aku dhewe rada gumun, dene sing gelem nguri-uri budaya malah mal/pasar modheren. Kabeh rekadaya kuwi temen biyantu ngurip-urip budaya lan ngrembakake budaya.
Rasa seneng lan gumregah lan tambah bungah tansanya krasa yen kelingan siaran TV saka TATV Solo sing gelem nyiarake pambiarta kanti basa Jawa. Luwih krasa seneng maneh yen maca surat kabar kayadene SOLOPOS, Suara Merdeka lan Joglosemar. Ning rasa dadi ora jumbuh yen ngrasake adeging panguwasa ing tlatah Surakarta sing ora pati cetha tumrap trap-trapan lan wujud nyengkuyung marang budaya. Biasane sing akeh ditindake adeging seni lan budaya sing awujud seremonial utama gebyare. Sing baku tuladha/cetha prelu ditindakake dening pemerintah.
Pitakon sakbanjure, piye mungguh carane lelagon; lir-ilir, jaranan, dolanan dakon, padhang bulan. Tul jaenak lan sakpanunggalane bisa disenengi dening bocah cilik. Ana ing babagan iki pancen gampang-gampang angel. Patrap budaya Jawa ana jarwa tresna jalaran saka kulina, dadi salah sijine cara ben bocah tresna utawa seneng ya dikulinake. Dadi ora mung diwulangke nanging kudu dikulinake saben dina.
Kapindho, miturut panemu para winasis, jer basuki mawa bea, adeging budaya uga nuwuhke bea ora sithik. Dadi tumrap budidaya kanggo piwulangan iki mbutuhke bea saka para winasis, dermawan lan pamarentah ing laladan Kutha Solo. Sakmesthine jalaran bea saka pamarentah kudu kanthi landhesan sing gumathok, yaiku nganggo program sing cetha. Coba yen saben kelurahan lan desa duwe program piwulangan lelagon lan bebasan kanggo bocah cilik. Iku bisa biyantu ngulinake bocah sing ndadekake seneng karo beksan, lelagon uga cangkriman.
Katelu, piwulang sing cocok kuwi kanggo bocah sing timur, mula bocah sing isih timur kudu diwanuhake budaya Jawa, srana beksan, dolanan karo lelagon. Tumrap carane pancen orang kena meksa, ananging coba padha dipikir, bocah kuwi seneng karo babagan sing lagi ungsum utawa ngetren.
Yen saben pos rondha, latar amba lan kantor kalurahan dianggo bocah dolanan lelagon Jawa, mesti wae ana sing kepilut. Sing ndadi pangajab ora liya piye bocah kuwi seneng karo budayane dhewe.
Para winasis pancen prelu ngrancang piye, cara sing paling cepet kanggo sinau budaya. Piye carane sinau maca tulis Jawa sing cepet. Kabeh mau dudu prakara sing ora bisa kelakon.
Sing tak wedeni gur siji, kabeh budaya kuwi yen ora diuri-uri ing tembe mburi mung dadi crita. Sing nggegirisi maneh kuwi, akeh budaya ing donya saiki wis ora ana wujude, disimpen rapet nang buku apa dene museum. ::Muladi Wibowonagoro::

Categories: sastra | Tinggalkan komentar

Navigasi pos

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Blog di WordPress.com.

%d blogger menyukai ini: