Sadumuk Bathuk Sanyari Bumi

SANAJAN mung sadumuk yen bathuk, senajan mung senyari yen bumi, iku kawawas barang kang pengaji banget. Bathuk sing ana sirah iku lambang kaurmatan, martabat, lan harga diri. Dene bumi, sanajan paribasane mung sanyari, ing negara agraris pengaji banget. Menawa ana wong sing ngina utawa ngasorake harga dirine utawa ngrebut bumi utawa palemahane, kudu diadhepi lan dilawan. Harga dhiri lan hak milik tumrap palemahan iku kudu dikukuhi, kudu dipertahankan dengan mati-matian. Bebasan perlu dibelani kanthi pecahing dhadha lan wutahing ludira.
Akeh pradondi utawa sengketa atas tanah. Sengketa mau asring nuwuhake padudon lan ontran-ontran. Senajan perkarane wis diputus ing pengadilan, eksekusi ora bisa katindakake amarga anane perlawanan saka pihak sing rumangsa duwe hak tumrap lahan mau.
Tanah utawa lahan iku, luwih-luwih ing kutha, saya suwe saya larang regane, awit bumine ora tambah amba dene penghunine saya akeh. Sengketa lahan mau ora mung ing antarane wong siji lan sijine, nanging uga antarane bebadan siji lan sijine, malah ing antarane negara siji lan sijine.
Ing crita wayang ana lakon ”Kikis Tunggarana”, yaiku rebutan alas Tunggarana ing antarane Pringgadani lan Trajutrisna, ing antarane negarane Gatutkaca lan Boma Narakasura. Rebutan wilayah iku nuwuhake peperangan ing antarane Pringgadani lan Trajutrisna. Perang Bratayuda underane ya rebutan negara. Negara Ngastina warisane Prabu Pandu Dewanata dititipake marang sedulure, yaiku Destarasta. Destarasta nglintirake negara mau marang putrane Duryudana. Bebasan ngemut legining gula, Duryudana sasedulur ora nglilakake menawa Ngastina dijaluk bali dening Pendhawa. Mula banjur ana perang gedhe sing jenenge perang Bratayuda Jayabinangun.
Bangsa Indonesia uga berjuwang mati-matian nalika ngrebut bali Irian Barat, Irian Jaya utawa Papua. Bangsa Indonesia rumangsa gela lan susah nalika pulau-pulau Simpadan lan Ligidan uwal saka laladan Indonesia lan dadi hake negara jiran Malaysia. Mula nalika Pulau Ambalat diirik-iriki Malaysia, akeh pemuda kang kanthi jiwa patriotisme kang makantar-kantar siap dikirim menyang wilayah perbatasan minangka sukarelawan.
Indonesia iku nduweni garis batas wilayah kang dawa banget. Akeh wilayah sing rentan penyelundupan lan rawan pencurian ikan. Indonesia mandhang kerugian sing gedhe marga perairane dijarah dening maling-maling iwak. Sarana lan prasarana kanggo njaga wutuhing wilayah, kanggo nanggulangi penyelundupan lan pencurian ikan, minim banget. Supaya kedaulatan teritorial Indonesia iku diurmati dening negara liya, perlu anane angkatan laut sing kuwat kanthi sarana lan prasarana sing nyukupi. Negara utawa pihak-pihak kang nglanggar kedaulatan wilayah Indonesia kudu nampa piwales utawa dipatrapi paukuman. Sanajan mung sadumuk yen bathuk, senajan mung sanyari yen bumi, perlu dibelani nganti pecahing dhadha lan wutahing ludira.

Categories: sastra | Tinggalkan komentar

Navigasi pos

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Buat situs web atau blog gratis di WordPress.com.

%d blogger menyukai ini: