Keris Jawa

Keris utawi tosan aji utawi curiga punika salah satunggal sanjata tradhisional masyarakat Jawa ugi dados salah satunggal lambang paripurna tiyang jaler sanesipun turangga, wisma, wanita kaliyan kukila. Curiga utawi keris punika anggadhahi makna jantan, prakosa lan diwasa, utawi tiyang (jaler) Jawa punika kedah tangguh, sanggup nglindungi piyambakipun, kulawarga, saha saged mbéla negari.

Keris

Dereng wonten asil panalitèn ingkang kasil nemtokaken kalapunapa tiyang Jawa milai magertosi keris, wonten keris Jawa sampun anggadhahi wujud ingkang sampurna nalika jaman Krajan Majapait. Ing jaman rumiyin, keris punika dados lambang kepangkatan ugi saged dados hadiyah ingkang paling sae utaminipun menawi hadiyah keris saking raja.

Manpangat

Jaman sapunikai fungsi keris sampun kirang, umumipun namung dados barang kolèksi ugi kanggé parlengkapan adicara-adicara saha ritual adat. Jaman rumiyin sanesipun anggadhahi fungsi sanjata, keris ugi saged kangge tandha status sosial, jengjang pangkat ugi hadiah. Keris ing jaman rumiyin ugi saged dados simbol paseduluran ingkang dipuntandhai adicara ijol-ijolan keris, malah punika dados simbol paseduluran ingkang paling inggil. Wonten praktekipun ingkang kaanggep klenik, keris dipunanggep jimat kaliyan medhia/griya kangge lelembut.

Ricikan

Keris anggadhahi 49 bageyan. Bageyan-bageyan punika anggadhahi bageyan-bageyan malih inggakng langkung detail ingkang wujudipun umumipun ukiran. Ukiran ing bageyan-bageyan keris Jawa anggadhahi makna kaliyan karakter ingkang benten-benten. 49 ricikan keris inggih punika:

  1. Pesi
  2. Metuk
  3. Gonjo
  4. Greneng
  5. Rondo Nunut
  6. Buntut Cecak
  7. Punukan
  8. Dho
  9. Ri Pandan (8+9 = Ron Dho)
  10. Tingil
  11. Sraweyan
  12. Bungkul
  13. Janur
  14. Sogokan
  15. Poyuhan
  16. Pejetan/Blumbangan
  17. Gandik
  18. Tikel Alis
  19. Jenggot
  20. Sekar Kacang utawi Kembang Kacang
  21. Jalen
  22. Lambe Gajah
  23. Pundak utawi Sumping
  24. Pudak Sa’tegal Depan
  25. Pudak Sa’tegal Belakang
  26. Adha-adha utawi Geger Sapi
  27. Lis-lisan
  28. Gusen
  29. Kruwingan utawi Gulo Milir
  30. Kruwingan Cucuk Manuk
  31. Pucukan Mbuntut Tumo
  32. Pucukan Anggabah Kopong
  33. Sogokan Sampir utawi Sinebo
  34. Bawang Sebungkul
  35. Sekar Kacang Pogok
  36. Lambe Gajah Rangkep
  37. Gonjo Wuwung
  38. Gonjo Kelap Lintah
  39. Gonjo Wilut
  40. Kanyut
  41. Wetengan Gonjo
  42. Sirah Cecak
  43. Buntut Cecak Sebit Lontar
  44. Sirak Cecak Melinjo utawi Nyangkem Kodok
  45. Buntut Cecak Nguceng Mati
  46. Gandik Pethuk utawi Laler Mengeng
  47. Mendhak
  48. Ukir utawi Deder
  49. Kinatah emas

Wilah

Wilah utawi pesi menika bagian utaminipun keris. Bahan kagem wilah menika dipun damel saking macem-macem bahan, nanging ingkang umum saking watu météor, wesi, lan baja. Proses ndamelipun ngagem teknologi lipat, yaiku wesi utawi baja dipun panasi, ditempa, ditekuk, dipanasi, ditempa, ditekuk ngoten terus ngantos katah lipatanipun. Cacahipun lipatan menika saking 16 lipatan (keris-keris blambangan) ngantos ewonan lipatan (keris majapahit, mataram lan sapanunggalanipun). Amargi prosès menika, ndadosaken wilah keris kuat sanget, teknologi menika ugi dipuncakaken wonten industri plywood.

Warangka

Warangka inggih punika sarung keris utawi wadhahipun keris. Warangka keris punika kadadosan saking perangan-perangan poko, inggih punika pendhok, mendhak, gagang, kaliyan warangka. Miturut jinisipun, warangka keris kaperang dados kalih, inggih punika warangka gayaman kaliyan warangka ladrang. Warangka gayaman punika wujudipun wonten kalih, inggih punika gayaman gaya Yogyakarta kaliyan gayaman gaya Surakarta. Semanten ugi warangka ladrang ugi kaperang dados kalih corak utawi gaya, inggih punika cara Yogyakarta kaliyan cara Surakarta.

Hulu

Gaman utawi gagang inggih punika bageyan ingkang dipuncekel, panggenanipun wonten sangandhaping wilah utawi pesi. Manpangatipun inggih punika kagem nyekeli wilah kaliyan kagem dipuncekel ngangge asta. Hulu anggadhahi kathah macem motifipun. Keris Bali wonten ingkang wujudipun kados patung dewa, patung padende, patung raseksa, patung penari, pertapa, alas, ugi wonten ingkah kinatah emas lan watu mulya. Keris Sulawesi nggambaraken manuk liyar, minangka pralambang kangge profesi masyarakat Sulawesi ingkang mujudaken pelaut. Dene peksi mujudaken lambang kaslametan dunya. Kadosta motif mustaka manuk ingkang dipunginakaken ing keris Riau Lingga, lan kangge panggenan sanesipun minangka pengembangan tosan aji kadosta Acèh, Bangkinang (Riau), Palembang, Sambas, Kutai, Bugis, Luwu, Jawa, Madura, kaliyan Sulu anggadhahi ukiran lan pralambang ingkang benten. Materi ingkang dipunginakaken asalipun saking maneka warna bahan kadosta gadhing, balung, logam, ingkang apling asring dipunginakaken inggih punika kayu. Hulu keris Jawa muturut garis besaripun kaperang dados sirah wingking, liling, cigir, cetek, bathuk, madharan, kaliyan bungkul.

Pamor

Ingkang dipunwastanii pamor keris punika ugi saged wonten ing tosan aji sanèsipun, kadosta tumbak, wedung, pedhang, lan sapanunggalanipun. Déné pamor ingkang pilihan, biyasanipun kanggé tiyang-tiyang ingkang anggadhahi kalenggahan tartamtu utawi watek tartamtu. Pramila, langkung saé dipuntayuh rumiyin supados pirsa cocog botenipun, déné ingkang boten pilihan saged dipungadhahi sinten kémawon. Sejatosipun pamor punika gambaran/kesan utawi image wingit ingkang timbul saking ukiran ingkang wonten ing wilah keris utawi gegaman tradhisional sanèsipun. Gambaran wingit punika medal saking asil tempa campuran tosan ingkang dados bahan dhasar kanggé ndamel/nempa keris . Èlmu pamor ing gaman punika namung dipunkuwaosi déning para mpu. Jinising pamor inggih punika:

Ricikan Keris

sumber, id.wikipedia.org

Categories: Berita, sastra | Tinggalkan komentar

Navigasi pos

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Buat situs web atau blog gratis di WordPress.com.

%d blogger menyukai ini: