CerKak

1. Cerkan “Jodho”

Mbókmênåwå iki wís garisíng pêpêsthèn mênåwå antarané Jammila lan Martónó dudu jodhoné, kamångkå kabèh kåncå lan tanggané wís nggraitå mênåwå pawóngan jókó lan prawan iki bakal sêsandhingan saklawasé urip.
Ulêm wís sumêbar, kåncå lan tånggå sak désa wís pådhå nåmpå ulêm, katêríng ugå wís nåmpå panjêr, sêmono uga gêdhúng síng kanggo pahargyan ugå wís nåmpå panjêr, malah miturút rêncanané arêp nanggap campúrsari, pahargyan bakal digêlar sarånå gêdhèn-gêdhèn, nangíng wusånå kabèh mau gagar wigar ora sidå kalêksanan.
Ånå wóng wadón nggåwå bocah cilík mårå mênyang omahé Pak Hartówiyónó yå wóng tuwané Jammila. Dhèwèkné ngaku mênåwå bojoné Mas Martónó kanthi nudúhaké layang kawín rêsmi såkå KUA.
“Nyuwún pangapuntên Pak, kulå suwún ijab qóbúl antawisipún Jammila kaliyan garwå kulå Mas Martónó dipún batalakên, kula mbótên ngidini mênawi Mas Hartónó badhé émah-émah malíh!” Mêngkono pangucapé wóng mau kang asmå Tarni, bojoné Martónó.
“Punikå putêranipun Mas Martónó ingkang alít, déné ingkang agêng nêmbé sékolah.”
Prasasat ånå lindhu gêdhé síng nêmahi ånå kêluwargané Pak Hartówiyónó. Udan tangís ora biså dikêndhakaké. Kapêkså pahargyan åpådéné ijab qóbúl dibatalké. Pranyåtå kabèh layang såkå Martónó iku aspal, asli níng palsu. Prasasat kåyå dipópók léthóng sak kandhang rainé kêluwargané Pak Hartówiyónó. Isín lan kuciwa bangêt såkå pokalé Martónó. Jammila bisané múng nangís ungkêp-ungkêp ånå sênthóng. Dhèwèké rumångså diapusi mêlèk-mêlèkan. Ya kabèh mau salahé dhéwé gampang pêrcåyå ómóngan lan pangarihé priyå.
Wis dadi lumrahé prawan ing désané, lulús SMP biasané bocah wédók diomah-omahké wóng tuwané. Ånå síng lêlandhêsan síh trêsnå kang suci såkå bocahé síng bakal nglakóni, nangíng ugå ora sêthithik kang múng manút miturút síng dikêrsakaké wóng tuwané. Jammila ngrumangsani yèn ora manút karo wóng tuwané. Dhèwèké kêpingin nêrusaké sêkolah, têmbéné kêpingín biså nyambút gawé kanggo mbantu nyukupi kêbutuhané balé somah bésuké lan malês kabêcikané wóng tuwå.
Nangíng wusanané malah nêmahi lêlakón kang nggåwå lingsêmé kabèh kêluwargané. Prawan sak umurané Jammila mau ing déså kéné wís dianggêp prawan kasèp, kamångkå umuré durúng gênêp patlikúr tahún.
Lamat-lamat Jammila krungu pasémóné tånggå têparo lan kåncå-kancané. “Sêlak kiamat lho, kapan anggónmu arêp ningkahan?”
Ånå síng nyêmóni liyå manèh “Apa arêp golèk jaran síng nganggo sungu piyé?”
Ugå ånå síng nyêmóni, “Rasah miling-miling, mêngko éntúk wóng guwing lho!”
Kabèh pasêmón mau yèn dirasakaké ati bangét anggóné nyêríkaké, nangíng kasunyatan nganti têkan sêpréné síng jênêngé jodho mau durúng têkå. Pancèn síng jênêngé jodho, rêjêki lan pati iku ånå astané síng Ngrêkså Jagad. Jammila ora kurang-kurang anggóné sêtiyar, nanging jêjêré wanitå yå múng kanthi golèk pênggawéyan karêbèn olèh têtêpungan wóng lanang.
Bubaran mulíh såkå pabrík ånå wóng lanang kang ngêtútaké ånå sak mburiné Jammila. Ora pisan ora pindho, anggêr wanciné Jammila mulíh såkå pabrík pawóngan mau nyêgat sakpêrlu ngajak têtêpungan.
Prasasat kåyå tumbu olèh tutúp, wóng luru-luru kêtêmu wóng golèk-golèk. Jammila nåmpå kanthi sênêng têtêpungan wóng lanang mau kang ngaku asmané Martónó, malah nganggo èmbèl-èmbèl Drs. Cêkêl gawé ånå pêrusahaan swasta. Priyayiné bagús gêdhé dhuwúr, yèn mênganggo sarwå nècis. Yèn disawang saktlêraman pancèn nêngsêmaké, mêsti akèh prawan síng kêpincút. Nangíng yèn gêlêm nastitèkaké, ora bakal ånå wóng bagusé kåyå mêngkono, nduwé titêl túr yå cêkêl gawé pisan kók isíh jókó. Umumé sakumuré dhèwèké mêsti wís nggéndhóng anak loro utawa têlu.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, sanajan digawé wirang nangíng dhèwèké isíh biså njågå barang síng palíng aji tumrapé wóng wédók. Dhèwèké ora kontal godhané sétan, kêncêng lan singsêt anggóné tapihan lan kêmbênan. Ora kuwat nandhang wirang isín ing désané, Jammila nêdyå lungå mênyang Jakarta, sakliyané golèk pênggawéyan anyar ugå golèk lêlipúr ati kang nandhang wirang mau.
Bapak ciliké Jammila kang ånå Jakarta nyarujuki mênåwå Jammila arêp mèlu dhèwèké.
Ora nganti gantaran sasi, Jammila wis olèh pênggawéyan ånå sakwènèhing pabrik. Dhasar pênggawéyané srêgêp túr sékolahé yå lumayan dhuwúr, lulusan D3, sakliyané iku yå pancèn Jammila iku ayu praupané, mula kariêr yå têrús munggah. Wêktu têlúng tahún anggóné nyambút gawé rasané kåyå dhèk wingi waé. Praståwå síng nggawé wirang kabèh kêluwarga wis dilalèkaké.
Saiki Jammila wis nduwé têtêpungan priyå síng kênå dipêrcåyå bêbudéné. Anggóné nlêsih-nlêsihaké calón bojoné iki nganti têkan asal-usulé, åjå nganti kêdadéyan kang wis kêpungkúr nêmahi manèh. Priyå mau tunggal kabupatèn níng bédå kêcamatan. Priyayiné solèh rådå antêng sithik, cêkêl gawé pisan lan umur-umurané yå sak pantaran. Wulan Dulhijah kang arêp têkå bakal dirêsmèkaké, malah yèn ditlusur-tlusur sårå silahé isíh tunggal mbah canggah såkå Bu Hartówiyónó.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, síng dhèk êmbèn kêlårå-lårå kêwirangan, saiki wís nêmu êmas sak gênthóng, sakliyané kêtêmu jodhoné ugå biså nglumpúkaké balúng pisah.
Nangíng lêlakón yèn durúng tutúg iku yå ånå waé sêbab musababé. Sêwulan sakdurungé rêncana ijab kabúl lan pahargyan, Mas Hardi, ora liyå yå calón bojoné Jammila kondúr mênyang ndésa sak pêrlu nganakaké pêrsiapan ubå rampéné ningkahan.
Yå amúng têkan sêmono sêsambungan antarané Hardi lan Jammila, kabar síng ditåmpå déning Jammila bangêt ngagètaké. Bús síng ditumpangi Mas Hardi kêcêmplúng jurang ånå tlatah Sêmarang, Hardi salah sijiné kórban mau. Jammila lan kêluwargané múng biså nêksèni têrbêlå kang diusúng mênyang pêkuburan désa.
Dhúh…. Gústi Allah paringånå iman ingkang kiyat lan manah ingkang sabar, mêngkono pênyuwunané Jammila rinå lan wêngi. Anggóné ngadhêpi pacoban mau kanthi ditåmpå ati kang iklas lan sabar, wís dadi nasibé yèn isíh kudu uríp ijèn, mulå ora sawêtara suwé Jammila wís biså nglalèkaké kêdadéyan mau. panguripané diênggo nyambút gawé pinångkå ngibadah marang Gústi Allah, blanjané kang gêdhé kanggo mbantu ponakan-ponakan síng ånå ndéså. Malah saiki anèng omahé ngopéni salah sijiné ponakan kang diangkat minångkå anak pupón. Íng sakjêroné ati kåyå-kåyå wís ora kêpingin omah-omah, jalaran yuswané saiki wís ngancik sêtêngah abad punjúl sêthithik.
Karêpé Jammila, sakliyané biså mbantu bocah mau, é… mbókmênawa ing têmbé mburiné bésúk bocah mau bisa dikóngkón njupúkaké banyu yèn dhèwèké wís tuwå ora biså gêmragèh.
Iku mau karêpé Jammila, nanging Gústi Allah nduwèni rêncana liyå. Mbúh kêpriyé larah-larahé, Jammila wís ora kélingan, nalikå ånå sakwènèhé kanca nyambút gawéné têkå ngomahé Jammila nêpúngaké pawóngan sêtêngah tuwå síng wís dhúdhå, Jammila gêlêm diajak têtêpungan.
Mula bukané ya múng micara ngalór-ngidúl ora ånå tujuwan, pungkasané dadi kèlingan mênåwå pawóngan mau kåncå barêng nalikå tindak haji têlúng tahún kêpungkúr, nangíng bédå brêgadané. Wóng têluné pådhå ngguyu gayêng. Sêsrawungan mau dadi rakêt. Sabên ndinå pådhå SMSan lan halo-halo lumantar HP. Yaiku mau dadi margané wóng saklórón pådhå kêpingin ngadêgaké balé somah.
Yå wís dadi bêgjané Jammila, saiki wis winêngku déníng kakúng sanajan yuswané wís rådå sêpúh, nangíng bêgjané manèh ora susah opèn-opèn bocah, pêndhak tahún Jammila lan kakúngé nåmpå punjungan lan disungkêmi såkå pårå putêra-putêrané kang cacah ênêm. Kabèh wís mêntas uríp ånå liyå kampungé. Uripé Jammila lan kakungé katón bagyå mulyå, kakúng putri pådhå nyambut gawé, blanjané nglumpúk dadi siji.

Rinå lan wêngi Jammila ora kêndhat-kêndhat anggoné ngatúrké panuwún marang Gústi Allah. Alhamdulillahi rabbil ‘alamin, makapíng-kapíng, tanpå watês nganti lambéné klómóh.

2. Cerkak “Layang Cekak

Nyoh, Kang, iki bayarane. Senen sesuk kowe sakkanca-kancamu leren dhisik anggone gawe tahu lan tempe,” mangkono pratelane Marjuki, juragan tahu tempe, karo ngelungke dhuwit pangaji Rp 90.000.

Kang Darman langsung nampa dhuwit sing dilungke juragan Marjuki. Kang Darman plenggongan lan bingung ora mudheng karepe juragan Marjuki kanthi ukara ngono mau.

“Hla, wonten napa ta, Juragan, kok benjang Senen prei?” Kang Darman nggenahake.

“Ngene lho, Kang, wiwit Senen pabrik ora bisa nggiling dhele maneh. Amarga reregan dhele dhuwur banget, “ mangkono Marjuki njlentrehake kanyatan sing diadhepi marang Darman sing isih katon bingung.

“Mula takjaluk kowe sakkanca leren dhisik, “ Marjuki nambahi katrangane.

“Sesuk mangan apa maneh, yen aku leren nyambut gawe,” Kang Darman mbatin.

Bubar nampa dhuwit bayaran Kang Darman lemes kaya ora duwe daya babar blas. Apamaneh sakwise juragan Marjuki aweh katrangan yen pabrik bakal tutup. Kaya-kaya sikile Kang Darman angel dinggo njangkah tumuju omah.

Pikirane tambah buneg nalika mikirake nasibe anake loro sing isih cilik-cilik lan bojone, Minah, sing lagi ngandhut telung wulan.

“Piye anggonku ngomong karo bojoku menawa aku wis leren anggonku nyambut gawe, “ Kang Darman omong dhewe turut ndalan. Kamangka ing bale somahe sing nyambut gawe ya mung Kang Darman dhewe, bojone ya durung suwe nembe wae di-PHK saka pabrik papan nyambut gawene. Kawitane amarga melu-melu dhemo karo kanca-kancane nuntut undhak-undhakan bayaran. Saiki Minah nganggur ngopeni anak-anake.

Sakdurunge jan-jane Kang Darman wis ngelingake Minah supaya ojo melu-melu dhemo. Nanging Minah tetep ngeyel, amarga yen ora melu dhemo bakal digethingi dening kanca-kancane ing pabrik.

Sajroning aksi dhemo, Minah ora mung melu-melu nglunpuk bareng kanca-kancane, ananging malah mimpin dhemo nggawa megaphone sinambi bengak-bengok ing sangarepe lawang pabrik sing dijaga aparat pulisi lan Satpam.

“Hidup buruh ! Hidup wong cilik !” bengoke Minah sing banjur dikeploki kanca-kancane. Minah saya kendel anggone nyaruwe kawicaksanan manajemen pabrik sing dianggep ora adil. Esuke Minah diparani wong lanang loro, dedege gedhe dhuwur, awake kebak tato.

“Yen kowe mimpin dhemo maneh, omahmu tak obong !” wong mau ngancam Minah karo ninggalake layang. Minah banjur mbukak amplop layang cekak sing isine Minah dipecat saka gaweyane ingpabrik.

“ Apa aku menyang Jakarta wae, nyusul Suharno adhiku, melu dadi buruh laden tukang, “ pikirane Kang Darman nglambrang tekan ngendi-endi. Sing mumet jebul ora mung Kang Darman dhewe. Kanca-kancane sakpagaweyan kayata Parmin, Parjo lan Suntlup uga nggresah. Amarga dilereni dening juragan Marjuki.

“Hla nganti tekan kapan awake dhewe bakal nganggur, “pitakone Parmin marang Parjo.

“Aku ya ora ngerti, Kang, muga-muga reregan dhele lan liya-liyane ndang enggal mudhun,“ kandhane Parjo aweh katrangan marang pitakone Parmin.

“Urip iki rumangsaku saya suwe kok ora tambah kepenak, malah kabeh reregan sassaya mundhak, urip dadi tambah rupak,” Parmin nggresah maneh.

“Wis ta, Kang, Kang, rasah kakehan sambat, urip penak utawa rekasa kuwi dilakoni kanthi ati entheng wae,“ semaure Parmin karo nyerot udut Tingwene, lintingan dhewe.

Tekan pojok gang arep mlebu omahe, Kang Darman isih rangu-rangu anggone mlangkah. Kepriye anggone arep nerangake marang bojone babagan PHK saka nggone juragan Marjuki mau. Kang Darman wis tekan ngarep lawang omah, tangane tengen isih rangu-rangu arep dhodhok-dhodhok lawang . Koyo adat sabene, bojone mesthi wis nyawisake wedang teh kluthuk lan pohung goreng karemane Kang Darman.

“Mbokne, bocah-bocah padha ning ngendi?” Kang Darman takon bojone.

“Nembe mawon sami gegojegan wonten kamar wingking,“ wangsulane bojone karo mesem, ora ngerti yen atine Kang Darman nembe goreh lan kebak rasa rupak.

“Mangga, Pakne, dipun unjuk!” Minah nyawisake wedang karo pohung goreng karemane Kang Darman.

Kang Darman enggal-enggal nyruput wedang lan mangan pohung goreng. Kang Darman isih krasa wegah adus. Amarga pikirane isih bunek lan judheg. Saking mumet anggone mikir, ora krasa yen wis entek Tingwe tekung linting.

“Pakne, mangga kula aturi enggal siram, sampun peteng lho,” bojone akon supaya ndang adhus.

“Mengko dhisik, Mbokne, isih durung kober,“ kandhane Kang Darman lemes.

“Mbokne, a … k …,“ Kang Darman ora tekan anggone arep aweh katrangan marang bojone.

“Wonten napa ta, Pakne? Kok mboten sida ngendika ?” bojone genti takon. Bojone nyawang Kang Darman katon melu bingung.

Kang Darman wusana wani aweh katrangan babagan PHK mau. Sanadyan atine remuk lan ora mentala.

“Anu, Mbokne, wiwit Senen sesuk aku wis leren nyambut gawe ing pabrik tempe lan tahu”.

Minah meneng sedhela. “Napa, Pakne? Panjenengan dipun-PHK saking pabrikipun juragan Marjuki ?” pitakone Minah sajak ora percaya. “Lha, sebabe napa Pakne ?” Minah takon maneh.

Kang Darman nerangake yen juragan Marjuki netepake kawicaksanan nglereri kabeh karyawane amarga reregan dhele larang banget lan ora cucuk antarane wragat prodhuksi lan bebathene.Krungu katrangane Kang Darman, Minah ngalamun, mripate neteske luh lan mbrabak abang.

“Lajeng, lare-lare kadospundi, mangkih sampi nedha napa? Arta saking pundi kangge nempur beras, manawi panjenengen kenging PHK?” Minah nangis mbanjur mlebu kamar.

Krungu tangise bojone atine Kang Darman sansaya kaya diiris-iris, dheweke isih dhelog-dhelog ing kursi penjalin lawas sing wus prothol kana-kene sinambi nyawang usuk omah sing wis padha gapuk dipangan umur.

Pikirane nglambrang tekan ngendi-endi. Dheweke arep nyambut gawe apa maneh durung kepikiran. Sing dipikirke mung siji sesuk-esuk anak-anakke lan bojone arep mangan apa. Kamangka dina Senen dheweke lan sakkancane wis ora nyambut gawe maneh. Wayah wis nuduhake tabuh 24.00. Kang Darman durung krasa ngantuk babar blas, amarga pikirane ruwet. Lawang kamar dibukak, Kang Darman ora tega nyawang bojone turu njingkrung katon kadhemen. Lan anak loro padha turu ungkur-ungkuran.

Esuke Minah bengok-bengok lan gawe kaget tangga-tanggane. Kang Darman nggantung ing blandar omahe. Ana kanthongan klambine ditemokake layang cekak sing ditulis tangan. Ing layang iku tinulis,”Minah bojoku, aku njaluk ngapura, kapeksa aku ndhisiki kowe, rumaten bocah-bocah, aku njaluk pamit”.

3. Pak Guru

Parjó lunggúh ongkang-ongkang ånå lincak karo ngalamún. Sêpédha mótór kridhitané diparkir ånå ngarêpé.
Hèlêm loro ånå jênêngé anaké, Nardi lan Sunarmi dicènthèlaké kiwa têngên sêtang. Kåncå-kancané lagi wédangan ånå warúng mburiné dhèwèké. Ora lêt suwé Nardi nyêdhaki Parjó.
“Sês, Pak Guru!?” Nardi nawani rókók.
“Matúr nuwún! Aku nggåwå, lha iki!” sêmauré Parjó karo ngrógóh kanthóngan ngêtókaké rókóké.
Nardi durúng sêmpat lunggúh ånå swårå rådå bantêr. Suarané Bu Wagiyêm, bakúl bumbón tanggané Nardi.
“Ayo Dhík Nardi, gèk ndang ditêrké. Wís kawanan jé…! Mau tanginé kêrinan, mêngko ibu-ibu sêlak ngêntèni.”
Tanpå ngucap Nardi têrús nyandhak karungé Bu Wagiyêm. Disèlèhké ndhuwúr tèngki, têrús bablas. Ninggalké pêlúk síng kêmêndhêng. Parjó dhèwèkan manèh….ngalamún.
Parjó kèlingan ucapané Nardi rikålå nawani rókók. Sêbutan síng diucapké kåncå-kåncå pêngojèk liyané. Pak Guru Parjó, lêngkapé bapak dóktórandús Parjó. Parjó nèk ésúk pancèn guru ånå SMP íng désané. Lan nyandhang gêlar sarjana. Sarjana PMP. Síng sabêndina nêrangké babagan pêmêrintahan marang muríd-muríd íng sêkolahé, nêrangké babagan pêmêríntahan démokrasi kang njunjúng kêadilan, pêmêríntahan síng adhêdhasar manút amanat pêndêritaan rakyat, pêmêríntahan síng dilandhêsi ukúm kanggo kabèh kawulané ora mandhang pangkat lan drajad kabèh kênå ukúm síng pådhå, Nêgårå kang nganút dhémokrasi. Anti KKN lan liyå liyané. Sêbutan Pak Guru rikålå nyambi ngojèk janjané rasané risi, níng suwé-suwé sindhirané kåncå-kancané ora dirasakké. Miturút Parjó ngojèk kuwi pêkêrjaan halal lan ora ngrugèkaké liyan.
“Pak guru ki ora nguman umani, rêjêki kanggo kancané síng ora duwé gawéan yó… mèlu diarah, lawóng wís digaji gêdhé…préi dibayar. Lha kók sêmpat-sêmpaté ngojèk. Åpå ora isín nèk kêtêmu muríd-muríd nèng ndalan?” sindhirané kåncå-kåncå pêngojèk karo guyónan.
“Ora orané…, rêzêki sing ngatúr Gústi Allah…, rêzêki ora mungkín klèru!” sémauré Parjó sak kêcêkêlé.
“Wah nèk ngono kuwi kétók guruné…” suarané kåncå-kancané barêng karo pådhå ngguyu barêng.
Pisan manèh Parjó kèlingan limang tahún kêpungkúr. Rikålå isíh kuliah…rikålå isíh sinau. Sêkolah sinambi nggarap sawah sak pathók, dadi burúh lan nyambút gawé sêrabutan sak kêcêkêlé. Kabèh dilakóni kanti sênêng. Amargå duwé gêgayuhan lan pêngarêp-arêp, mêngko nèk wís nyandhang gêlar sarjana mêsti uripé bakal ånå owah-owahan, dadi wóng síng kajèn kéringan dadi pégawai. Alhamdulillah amargå têkún anggoné sinau akhiré Parjó lulús sarjana. Tahún pisanan nyoba mèlu ndhaftarké dadi pêgawé nêgri. Awan, ésúk, soré lan bêngi tansah sinau kanggo ngadhêpi mbók mênåwå ånå tèstíng pênêrimaan pêgawé.
Dinå kang ditunggu-tunggu têka, dinå kanggo ujian masuk dadi PNS. Mangkat tèstíng kanti gagah sêmangat êmpat lima. Yakin mêsti iså nggarap kabèh…. Têrús tèstíng diwiwiti. Kabèh soal iså dijawab kanti bênêr, kari nunggu pêngumuman…. Ditåmpå, têrús dadi Calón Pégawai Nêgêri Sipil alias CPNS. Tanpå kélangan dhuwit…. Aku êmóh nèk dadi pêgawai nganggo dhuwit, êmóh yèn KKN…. Lha wóng dhuwít kók diwènèhké wóng sugíh. Pådhå waé ngingóni wóng lémpóh…. Ngono pikiré Parjó.
Sak wisé têlúng minggu dinå pêngumuman têkå, têrús mangkat niliki pêngumuman pênêrimaan CPNS. Diatúraké nomêr-nomêr síng ditåmpå, nangíng nomêré Parjó…. blóng…. ora ånå. Taún kapíng loro yå hasilé pådå waé…. Taún kapíng têlu, papat, limå…. Sami mawón…. Mupús.
Rikålå ngancík taún kapíng pitu idéalismêné mulai luntúr. Sajaké wís ngancík jaman sak iki kabèh-kabèh kudu nganggo isiné sak alias dhuwit.
“Ééé…. Blaik tênan, arêp dadi pêgawé kók angèlé ora jamak,” Parjó grundêlan nèng ngarêpé Drs Parimín kåncå kuliahé rikålå mampir nèng omahé.
“Kowé gêlêm åpå piyé? Sasi ngarêp ånå pêndhaptaran manèh. Níng kåyå biasané. Jaman saiki kudu nganggo (Parimín nggèsèkké jêmpól karo drijiné). Léwat tanggaku síng kêrjå nèng kånå dijamín!” sêmauré Parimín karo ngangkat jêmpól.
“Têrús pira?” Parjó nyaút kanti cêkak.
“Sak iki pasarané têkan séwidak!”
Blaik…. Trèmbèlané, lha kók kåyå wóng bakulan, kåyå blantík! Kuwi yå dhuwít kabèh?!” Parjo sêmaúr karo njêgègès.
“Mbúh Jó! Dikandhani kók malah cêngèngèsan,” Parimín sajak anyêl.
“Têrús carané piyé? Jaminané piyé? Upåmå ora kêtåmpå piyé? Åpå dhuwité iså bali? Êngko gèk ngapusi?” pitakoné Parjó kåyå udan.
“Ora mungkín, piyayiné nèk dibayar sak iki ora gêlêm kuwi jênêngé nyókól! Lha wóng aku kaé mbayaré pênuh nèk wís kêtåmpå, nèk kowé gêlêm ayo njalúk tulúng rånå! Iki dudu KKN lho, lha wóng njalúk tulúng. Umpåmå nganggo dhuwít mbayaré kuwi nèk wis kêtampå… pinångkå ucapan têrima kasih alias matúr nuwún!”
“Kuwi alias ya mbayar…. Ya KKN. Lha kélangan dhuwít!” Parjó nyaút gunémané Parimín.
“Ya! sak karêpmu síng ngarani!” Parimín rådå anyêl.
Êmbúh piyé céritané ngêrti-ngêrti Parjó nyarujuki usulé Parimin. Parjó karo Parimín sidå mêngadakan pêrjanjian tidak têrtulis kathi cathêtan ucapan têrima kasih Rp 60 juta. Ångkå síng cukúp fantastik kanggoné Parjó. Rikålå ånå pêndhaptaran Parjó ndaptarké manèh sawisé olèh Kartu Pêndaftaran têrús dipotokopi, dititipaké marang tanggané Parimín.
Wis têkan titi mangsané, pêmêríntah dhaérah nggatèkaké nasibé pårå guru síng wís ngabdi suwé. Pênêrimaan PNS diutamakké síng pêngabdian lan umuré wís akèh, kêrsané Gústi Allah, Parjó mêmênuhi syarat. Parjó ditêtêpaké ditåmpå dadi CPNS. Nangíng ora ngêrti åpå mêrgå bantuan åpå mêrgå liyané, amargå rikålå kabèh kåncå-kancané sak angkatan ditakóni ora ånå síng nganggo dhuwít babar blas.
Parjó kêtampa kanthi råså sêtêngah-sêtêngah, yå sênêng, yå susah. Sênêngé mêrgå síng diidham-idhamaké pitúng tahún wís kêcêkêl. Nangíng síng ndadèkaké susahé, sak iki kudu nggólèk dhuwít sêwidak yutå. Pêrjanjian wis kêbacút ditèkên. Sawisé rêmbugan karo bojoné, diputusaké nyilíh dhuwít marang tanggané síng dódól matêrial, kanthi jaminan sértipikat lêmah warisané. Lan anakan sabên wulan têlúng pêrsèn. Ditambah adól mangsan sawah sak pathók warisan såkå mårå tuané suwéné limang tahún.
Nêm tahún lawasé Parjó wís rêsmi dadi Pégawai Nêgêri Sipil (PNS), nèk mangkat nganggo PSH nècis. Nangíng nganti saiki, nganti anaké wis loro durúng ngrasakké blanjané, amarga SK pêgawéné dititipaké ånå bank. Jangkané sêpulúh tahún kanggo nutúp utangan rikålå mlêbu dadi pêgawé lan krédhit pit móntóré.
“Dhúh Gústi tibaké dadi pêgawé nganggo cårå ngéné iki malah susah, pénak gèk dadi tani biyèn kaé, éntúk sithík dipangan sithík ora dioyak-oyak utang.” Parjó ngunjal ambêgan. Atiné tambah gêtêm-gêtêm rikålå ånå wartå ing surat kabar, sing nêrangaké manåwå ånå oknum PNS nåmpå sógókan ditangkêp polisi amargå apús-apús. Barêng ditêlusur tibaké óknum mau síng nåmpå dhuwit sêwidak yutå såkå dhèwèké.
“Pak Guru tangi! Ayo aku têrké mulíh…. Ngalamún waé!” Sartónó pagawé pabrík tèkstil ing kutha nggugah lamunané Parjó.
“Éh…. iyå… iyå…, lho kók yah méné wís mulíh, Sar?” Parjó gêragapan karo nggolèki srandhalé.
“Anu Pak guru…. Mau ora dha mlêbu nyang pabrík. Níng dha nyang kabupatèn. Dhémo nuntút kênaikan gaji,” suarané Sartónó katón sêmangat têrús mlumpat nyang sadhêl.
“Mêngko nèk síng dhémo malah dipêcat anakmu tók pakani åpå?”
“Êhmmm….” Sartónó ora biså njawab.

04. Tumbal

Sêjatiné abót anggónku nindakaké pakaryan iki. Nangíng piyé manèh.
Aku múng sakwijiníng bawahan síng kudu loyal marang atasan. Kamångkå atasanku Drs Sêngkuni SH MBA wís nginstruksèkaké yèn proyèk iki kudu di-mark up.
Mbúh piyé carané síng pênting kabèh bisa olèh pangan.
Pancèn iki konsêkuènsiné nduwèni jabatan síng stratêgis kåyå awakku iki.
Tak akóni sakwisé dadi Kasubag Pêngêlolaan Proyèk iki rêjêkiku mbanyu mili. Paribasan nganti kåyå diwènèh-wènèhi.
Nangíng yèn ånå pêrkårå síng kåyå mêngkéné aku ugå kudu wani ndhadhagi.
Awít yèn ora, biså dipêsthèkké yèn tahún ngarêp aku mêsthi bakal dimutasi.
“Wís tå Dík Har, ora sah dipikirké abót-abót. Soal wóng såkå KPK, mêngko aku síng mback-up wís,” mangkono pangandikané atasanku kasêbút íng sak wijiníng wêktu nalikå aku ditimbali íng ruangé.
“Síng pêntíng kowé biså ngolah ångkå-ångkå iku kanthi layak.
Masalah liyané mêngko aku síng ngatúr,” sêsambungé Pak Sêngkuni karo ngêpúk-êpúk pundhakku.
“Lha piyé kirå-kirå? Åpå Dhík Har kabótan? Soalé Dík Wísnu wingi ugå nawakaké arêp nggarap proyèk iki,” ujaré Pak Sêngkuni kåyå ngêrti kêmrusuhing atiku.
“Oh, mbotên Pak. Kulå taksíh sagah ngayahi piyambak,” ujarku gurawalan.
“Wèll! yå ngono iku síng tak karêpké. Yèn pancèn kowé sê-visi karo aku, mêsthi aku ora bakal ninggal kowé Dhík. Wís sak iki rampúngna aku péngín Minggu ngarêp wís rampúng. Sanggúp tå?”
“Sêndikå Pak,” ujarku karo manthúk-manthúk.
Aku énggal-énggal ninggalaké ruang kêrjané bós têrús nyêlúk Dhík Wakino wakílku sartó Éndah sékrêtarísku.
Tak jak rêmbugan barêng pêrkårå iki. Awít pancèn wóng loro iku síng dadi nyawaku. Ibaraté Dhík Wakino karo Éndah kuwi think-tank-ku. Sangénggå aku bangêt mbutúhaké bantuané dhèwèké.
“Nèk masalah ångkå gampang diowahi, Mas. Múng síng dadi masalah iki tanggúng jawabé abót awít nyangkút dana síng ora sêthitík,” ujaré Dhík Wakino.
“Nangíng têrús piyé Dhík? Bós wís nêtêpké kudu biså. Yèn ora awakké dhéwé kudu siap ninggalké kantór iki,” sêmaúrku.
Dhík Wakino manthúk-manthúk karo ngulati layar kómputêr íng ngarêpé.
“Yå wís, arêp piyé manèh. Mbók mênåwå iki pancèn résiko pêkêrjaan. Awakké dhéwé kudu siap,” sambungé wóng síng bangêt tak pêrcåyå iku.
*****
Pancèn iki dudu masalah síng ènthèng, awít proyèk iki gungungé mèh nêm bêlas mílyar rupiah.
Síng kudu di-mark up mèh sêpulúh míliar dhéwé. Åpå ora édan-édanan. Nangíng piyé manèh. Aku iki múng bawahan kudu loyal mênyang atasan. Awít yèn ora biså-biså aku dilórót jabatanku.
Kamångkå ngêrti dhéwé kanggo ningkataké karir íng kantór iki ora barang síng gampang.
Awít mèh wólulas tahún anggónku bêrjuang ngrintís karir, wiwít gólóngan têlu A nganti sak iki biså dadi Kasubag sak wijiníng kantór. Mêsthi waé dudu bab síng gampang.
Kåyå aku dhéwé síng wêktu iki kêlêbu ånå bagian síng êmpúk.
Ora sithík síng pådhå kêpéngín biså nglungguhi kúrsiku iki.
Awít pancèn ya nyênêngké tênan. Golèk dhuwít paribasan kêcap waé dadi atusan éwón.
Nangíng ugå mujúdaké bagian síng ånå pucuking êri, yèn ora ngati-ati bisa ndang ngglúndhúng tênan.
“Durúng saré, Pah?” panyénggólé Nani, sisihanku.
Ora tak råså yèn wêktu iki aku nêdhêng ngalamún nèng têras kamar lantai loro.
“Durúng ngantúk, Mah?” sêmaurku karo nyumêt rókók êmbúh síng kêpira mau?
“Sajaké ånå masalah nèng kantór?” pitakóné bojoku síng wís apal lagónku.
Sabên ånå masalah mêsthi tangkêpku dadi séjé karo padatan.
Aku múng manthúk. Têrús sisihanku lunggúh íng sandhíngku.
Awít yèn wís ngono biasané aku têrús critå masalahku marang dhèwèké. Pancèn sak suwéné iki sisihanku síng dadi sparing partnêr-ku.
Dhèwèké kuwi wóng wadón síng istiméwa, sênadyan múng ibu rumah tangga, nangíng otakké ora kalah karo wanita karir.
Ora nggumúnanké sêjatiné sisihanku lulusan sarjana lan mbiyèn tahu dadi dosèn íng univêrsitas swasta.
Múng amargå aku ora kêpéngín bojoku bêrkarir, mula dhèwèké tak kón dadi ibu rumah tangga thók.
Supåyå anak-anakku biså kopèn, nyatané anakku cacah têlu sakiki wís ngancík dhéwåså kabèh, síng mbarêp malah wís mèh lulús såkå univêrsitasé.
***
“Pancèn abót posisi panjênêngan, Pah. Awít iki diléma.
Yèn njênêngan wêgah, mêsthi bakal dilórót. Nangíng yèn pênjênêngan tindakké, abót résikoné,” komêntaré sisihanku sak wisé tak critani pêrmasalahanku.
“Ya kuwi síng gawé bingúngku. Lha trús aku kudu piyé?”
“Yúk awakké dhéwé tahajúd, nyoba nyuwún tuntunan Gusti Allah, såpå ngêrti mêngko njênêngan olèh pêpadhang,” ujaré sisihanku.
Aku manthúk-manthúk têrus wóng loro pådhå tumuju kamar mandhi njupúk banyu wudu kanggo ngrêsiki badan.
Ånå sak jroning tahajúd tak rasakaké kåyå ngåpå jumbal-jumbulé wêwayangan ing alam pikirku. Sênadyan wola-wali tak cobå nyilêmaké wêwayangan iku nanging kråså angèl bangêt.
Sabên-sabên wêwayangané Pak Sêngkuni atasanku kanthi polatan nêsu ngulataké aku. Gonta-ganti karo lapuran proyèk síng kudu tak gawé. Têrús nglambrang manèh wêwayanganku dipêcat déníng atasan.
Têrús ånå gambaran pårå polisi síng têkå ing kantórku têrús mbórgól tanganku.
“Dúh, Gústi Allah…… Kulå pasrah wóntên ngarså padukå!” pambêngókku íng sak jroníng tahajúd. Bubar kuwi aku ngrasakaké pêndêlênganku pêtêng. Aku ambrúk ngambúng karpèt síng dadi lambaran anggónku ngadhêp íng Pangéran.
*****
Ésúk iki Dhík Wísnu têkå íng kantórku karo mènèhaké layang kanggo aku. Tak bukak layang iku tibaké surat pêrintah såkå Pak Sêngkuni supåyå aku mènèhaké proyèk iku marang dhèwèké.
“Sorry lho Mas, aku múng nindakaké dhawúh,” ujaré Wísnu katón pêkéwúh karo aku.
“Ora åpå-åpå, Dhík. Mbók mênåwå kowé luwíh pintêr timbang aku,” ujarku karo mènèhaké bêrkas-bêrkas administrasi proyèk.
Sênadyan ånå kang kóbóng íng dhådhå iki, nangíng tak cobå mêkak hardaníng kanêpsónku.
Mugå-mugå waé Gusti Allah tansah mènèhi kêsabaran marang aku.
Awít såpå wóngé síng ora lårå ati, yèn nèng têngah dalan gawéyané dipasrahké wóng liyå. Pak Sêngkuni pancèn kêbangêtên.
Katóné dhèwèké wís malík imané sak ênggå tégå karo aku síng ora liya anak buahé.
Awan iku aku milíh mulíh gasik, awít yèn tak têrús-têrúské nèng kantór bisa-bisa malah aku dhéwé síng ora kuwat.
*****
Aku wís ngrumangsani yèn karirku mbók mênåwå bakal mêntók. Awít wêktu iki Pak Sêngkuni, atasanku ora gêlêm nyåpå arúh marang aku. Sabên-sabên dhèwèké butúh, mêsthi Dik Wísnu síng diundang ånå kantór. Lan tingkah kang kåyå mangkono mau disêngåjå ovêr acting nèng ngarêpé pårå bawahan.
Aku rumångså korban pangråså. Awít såpå wóngé síng kuwat dipêrlakukan kåyå mangkono. Nangíng aku nyoba sabar. Karo íng batin tansah ndêdongå, mugå-mugå Pak Sêngkuni diapurå dosané déníng Gusti Allah, sartå dibukakaké atiné supåyå ora bangêt-bangêt anggóné nêsóni aku.
Lan sak wijiníng wêktu såpå síng bakal ngirå, yèn kantórku ditêkani polisi pirang-pirang. Wiwitané ruangku síng diprikså, barêng ora ånå têrús ruangé Kêpala Kantór bubar kuwi têrús tak tóntón ånå polisi nganggo sêragam nyêrahaké surat marang atasanku kasêbút.
Tanpa suwålå manèh Pak Sêngkuni diglandhang déníng pêtugas kêpolisian iku.
Awít disinyalír dhèwèké wís mark up dhuwít proyèk nganti sêpulúh miliar. Ora múng Pak Sêngkuni dhéwé, kêlêbu Dhík Wisnu síng kumawani nglancangi gawéyanku.
Lan wís biså diwåcå, íng ngêndi papan Kêpala iku ora tahu salah. Síng salah mêsthi bawahan. Awít ora gantalan suwé Pak Sêngkuni bósku wís mêtu såkå kantór polisi.
Déné Dhík Wísnu ditêtêpké dadi têrsangka. Wisnu wís dadi tumbal ing kantórku, awít dhèwèké kudu mikúl dosané bósku síng wêktu iki múng cukúp dimutasi íng luar jawa.
“Bêgjå sampéyan Pah. Untungé nolak åpå dhawuhé bós mbiyèn,” ujaré sisihanku karo ngrangkúl aku lan nangís mingsêg-mingsêg.
“Gústi isíh njampangi awakku, Mah. Lan kabèh mau uga ora uwal såkå dukungané Mamah,” ujarku.
Ah, pancèn kabèh iki kåyå wís diatúr déníng Gusti Allah. Kåyå aku dhéwé rumångså dislamêtaké déníng Panjênêngané. Coba mbiyèn aku síng nindakaké bab mau, biså-biså aku síng mlêbu kunjaran.

05. Tamu Kang Pungkasan

Lakuné dinå rumangsaku cêpêt bangêt, wêktu sêwulan síng diidinaké såkå pêmêrintah rumangsaku lagi dhèk wingi, nangíng ngêrti-ngêrti kari sêdinå iki.
Dinå sésúk aku lan kåncå-kåncå sak profèsiku gêlêm ora gêlêm kudu ninggalaké panggónan iki, yå panggónan ålå síng dadi mungsuhé masyarakat síng kêpéngin uripé slamêt donyå lan akhirat.
Pancèn wiwitané aku ora sêngåjå mlêbu papan èlèk síng diarani lokalisasi, nangíng kabèh amargå kêpèpèt kahanan, biyåså… masalah klasik síng diadhêpi pawóngan síng uríp íng padésan, kurang pangan lan sandhang lan ora kuwat ngadhêpi sanggan uríp, gèk kamóngkó síng jênêngé golèk pênggawéyan iki angèlé jan ngêpól tênan.
Åjå manèh aku sakkåncå síng múng duwé ijazah SMP tanpå nduwèni kêtrampilan, sanajan síng wís duwé èmbèl-èmbèl gêlar sarjana waé akèh síng kêcêmplúng ing profèsi iki sanajan bédå kêlasé.
Ora kråså lúh têmètès ing pipiku, uríp kók múng kåyå ngéné, gèk súk kapan aku biså mêntas såkå panggónan iki? Dhúh,… Gústi Allah paringånå pitudúh mêrgi íngkang lêrês lan pinanggihnå jodho íngkang saé. Aku unjal ambêgan landhúng, gèk kåyå aku iki åpå ånå wóng lanang síng sudi mêngku? Níng aku pêrcåyå yèn Gústi Allah iku ora saré, sakwijiníng dinå mêngko aku bakal kêtêmu jodhoku.
Dak élíng-élíng nasibé kåncå-kåncå sak profèsiku nyatané ugå ånå wóng lanang síng gêlêm ngêpèk bojo. Mbak Éndah dipèk bojo sopír trêk lêngganané malah nyatané saiki biså uríp bagyå múlyå íng ndéså. Dhík Hèsti ugå dipèk bojo wóng lanang sanajan múng dadi mbók ênóm anangíng kabèh kêbutuhané biså dicukupi, Éndang kancaku sak kampúng ugå diwêngku wóng lanang sanajan wís rådå sêpúh yuswané nangíng nyatané gêmati bangêt malah saiki diparingi putrå.
Bubar macak kåyå biyasané aku lungguhan íng têras omah, biyåså,… mancíng iwak alias nggodhå wóng lanang síng kêpéngin awaké dikêpénakaké sanajan múng sêdhélå, syúkúr yèn gêlêm nginêp sêwêngi, wah… mêsti bayaran síng dak tåmpå lumayan kanggo sangu mulíh mênyang ndéså.
“Mampír Mas,”… godhaku nalikå ånå sakwènèhíng pawóngan mlaku ijèn karo miling-miling nyawang têras póndhókanku, dhèwèké mèsêm lan gêlêm mampír.
“Ngunjúk mênåpå Mas?” ujarku karo nggandhèng tangané dak jak lunggúh íng sandhíngku. Wóng lanang mau manút waé.
“Biyasané wóng lanang iku sênêngané ngunjúk susu yå, kópi susu åpå coklat susu?” aku sansaya wani nggodhå, lha wóng síng digodhå yå sansåyå sênêng atiné.
Yå kåyå mêngkéné pênggawéyanku sabên ndinå nglayani tamu síng gêlêm mampír íng kamarku. Wêktu limang tahún uríp íng lokalisasi pancèn akèh bungah lan susahé, nangíng kêpénaké múng watês bab kadonyan, bisa cukúp sandhang lan pangan ora nyambút gawé abót, nangíng rêkasané biså-biså kêtularan pênyakit sifilis utawa AIDS lan dadi mungsuhé masarakat, amargå dianggêp dadi sampah masyarakat síng kudu disírnakaké. Aku isíh kèlingan nalikå lokalisasi iki didhémo warga masyarakat, awakku nganti ndrêdhêg kawêdèn.
“Lho kók malah ngalamún?” ujaré wóng lanang síng dadi tamuku iku ngagètaké atiku.
“Ah, iyå yå bênêr ngêndikamu Mas, lha kêpriyé ora ngalamún, mbók mênåwå panjênêngan iku tamuku íng papan kéné kang pungkasan amargå sésúk aku sak kåncå kudu lungå såkå papan iki.”
“Ditêpungaké jênêngku Bagús sanajan rupaku ora bagús,” mêngkono tamuku mau nêpúngaké.
“Sunthi jênêngku Mas,” aku ganti sêmaúr. Priyayiné pancèn grapyak lan akèh gunêmé, lagi têtêpungan kurang såkå limang mênít waé rasané wís biså akrab.
“Aku mréné pancèn golèk kênangan kang púngkasan såkå papan lokalisasi iki, aku ngajab papan iki pancèn biså rêsík såkå tumindak maksiyat,” mêngkono ujaré Mas Bagús. Sak jam luwíh aku lan Mas Bagús ngóbról ngalór ngidúl, lan pungkasané Mas Bagús pamitan arêp mulíh mênyang omahé. Dhèwèké ninggali dhuwít aku sing lumayan akèh lan njalúk jênêng lan alamat omahku síng sakbênêré.
****
Anèng ngomah rasané kåyå dikunjåra waé, la kêpriyé ora susah, la anèng ngomah yå múng thêngúk-thêngúk waé tanpå duwé gawéyan síng ngasilaké. Dhuwít cèlènganku wís wiwít nipís, rasané ati wís kêtar-kêtir, dumadakan pak pós mandhêg anèng ngarêp omah, ngêtêraké layang såkå Mas Bagús, dhúh,… bungahé ati iki, såpå ngêrti mbésúké Mas Bagús biså ngêntasaké aku såkå uríp kang nisthå iki. Layang dak bukak kanthi alón, ånå råså bungah lan ati iki tambah dêg-dêgan waé.
“Dhík Sutinêm síng dak trêsnani,” mak dhêg rasané atiku kaya diumbúllaké karo Mas Bagús. Pancèn jênêngku síng asli iku Sutinêm, nangíng ing lokalisasi aku nganggo jênêng “Sunthi”, layang dak waca kanthi ati kang dêg-dêgan
Surabaya, 12 Désèmbêr 2007
“Dhík Sutinêm síng dak trisnani”
Wiwít kêtêmu karo sliramu ing papan kånå kaé, aku dadi kêpingín omah-omah karo sliramu. Bab såpå tå sliramu aku kabèh wís mangêrtèni, nangíng åpå sliramu ngêrtèni aku lan såpå tå sêjatiné aku iki? Barès waé ya dhík, aku iki wóng lanang síng ora bédå karo sliramu. Tumindak nistå lan ålå kabèh waé wís naté dak tindakaké. Nangíng aku péngín marèni kabèh mau sakdurungé kasèp.
Mula yèn sliramu gêlêm dak jak uríp bêbarêngan nyabrang íng samodrå bêbrayan agúng, ayo dhík wangsulana layang iki, gêlêmå Dhík Sutinêm dak jak uríp anyar íng sakjêroníng balé somah kang rêsmi lan ayo pådhå uríp kang anyar, uríp kang kêbak laku utåmå sanajan múng uríp sarwå prasåjå, wís bèn lêlakónmu lan lêlakónku dikubúr barêng-barêng lan dilarúng íng samodra pangapurå.
Aku ora njanjèkaké uríp kang moncèr kêbak kêméwahan donyå, nangíng aku pêrcåyå yèn aku karo sliramu biså uríp bagyå múlyå. Sêpisan manèh, aku ora mêkså nangíng aku têtêp nunggu walêsan layang iki bèn atiku bisa têntrêm.
Såkå kåncå anyarmu síng nêmbé kasmaran.
Bagús
Ora kråså, kacu cilík wís têlês kêbês êlúhku, bisaku múng pasrah jiwå lan rågå marang Mas Bagús.
Sunaré srêngéngé wayah ésúk íng Suråbåyå nambahi éndahíng swasånå balé somahku. Kêmbang kênångå íng ngarêp omahku nyêbaraké gåndå kang arúm. Cêpêt-cêpêt aku dandan sak pêrlu arêp ngêtêraké Panji anakku mbarêp såkå titisané Mas Bagús kang saiki makaryå dadi móntír sêpéda mótór, Allahuakbar,… laillahaillallah, alhamdulilllah pujiku marang Pangéran Kang Maha Kuwasa.

06. Durjana

Pak Sarmín katón gêtêm-gêtêm, ngrungókaké pawartå, yèn íng wêktu iki akèh wóng kang kélangan, akèh malíng kang pådhå bêropérasi. Sak liyané omah-omah biasa, papan kang kanggo jujugan malíng yå iku kantór-kantór pêmêrintahan.
Pak Sarmín katón anyêl amargå sêtêngah tahún kêpungkúr kantóré yå pêrnah disatróni malíng. Sanadyan bapak kêpala íng kantóré ora paríng dukå marang dhèwèké, nangíng Pak Sarmín rumångså isín. Åpå manèh dhèwèké kudu ngadhêpi pitakóné bapak-bapak såkå kêpulisian, síng sêmuné kåyå nudhúh marang dhèwèké.
Pak Sarmín anggóné jågå malêm íng salah sawijiné kantór pêmêrintahan wís sawêtårå suwé, kurang luwíh wís róng pulúh tahun. Mbók mênåwå umuré wís kêtuwan mênåwå ngajókaké dadi pêgawai nêgêri, mulå dhèwèké wís mupús. Jågå malêm kanggoné dhèwèké ora nggolèki lêmbaran rupiah, nangíng ngiras pantês kanggo tirakat, mêlèk wêngi, kanggo sêsiríh. Ora ånå liyå síng diprihatinaké, didongakké sabên dinå yaiku anak lanang siji-sijiné, Parjo. Anak lanang síng didåmå-dåmå, digadhang-gadhang lan digayúh mugå-mugå bisa mikúl dhuwúr mêndhêm jêro marang dhèwèké.
Parjo salah sawijiníng pêmudha kang gagah, dêdêg piadêgé éntúk, lan praupané ya ora pati nguciwani. Mulå ora maido yèn duwé pêpinginan dadi pulisi. Nanging Pak Sarmín sêmpat was-was, sawisé lulús SMA, Parjo wís nyobå ndhaftar dadi pulisi kapíng pindho, nangíng gagal têrús, lan ora mangêrtèni åpå síng nyêbabaké gagalé. Yèn ditakoni jaré kabèh ujiané yå biså nggarap, ujian fisik yå biså, mbók mênåwå nasibé waé sing durúng apík.
Róng ndinå iki Pak Sarmín ora doyan mangan, amargå mikír pênjaluké anaké lanang. Anak lanang siji-sijiné ora tau njalúk, njalúk pisan waé dhèwèké ora biså nuruti. Parjo pancèn arang nêmbúng njalúk marang wóng tuwané, wís kulinå såkå cilík, kêpingín klambi waé ora bakal nêmbúng marang wóng tuwané. Nèk ditukókné yå diênggo, nèk ora yå múng mênêng waé. Róng ndinå kêpungkúr Parjo sêmpat ngómóng marang bapaké,
“Pak, pripún nèk kulå pênjênêngan pundhútké mótór, krédit mawón, mêngké kula tak ngojèk, hasilé rak sagêd kanggé ngangsúr…, timbangané kulå nganggúr wóntên ndalêm, sak mênika padós pêdamêlan nggíh angèl?!”.
“Jo…, Jo… åpå kowé ki ra ngêrti, dinggo nyukupi butúh sabên dinané waé kangèlan, la kók dinggo tuku móntór!, kowé kuwi nglindúr pó piyé?”
“Nggíh sampún….”.
***
Têlúng sasi wís mlaku, rikålå wêktu ngasar Karmo, adiné lanang Pak Sarmín nyêdhaki lungguhé Pak Sarmín têrús ngómóng kanthi sora lan sêmangat makantar-kantar, “Mas… Mas Sarmín, ati-ati lho Mas… sakiki wis wiwít akèh pêncurian, malíng-malíng wís mêrajaléla manèh, kåyå têlúng sasi kêpungkúr, iki malah tambah nêmên.”
“Mo… Mo! Ómóng kók pathing pêcóthót, mêrajaléla ki åpå cobå?”
“Hé… hé…, êmbúh Mas, wóng aku gúr mèlu-mèlu koran kaé kók! Níng tênan lho Mas, soalé síng diarah sakiki kantór-kantór manèh, biasané njikúk kónmutér, síng di jikúk åpå ya… anu, nèk ora salah jênêngé cé… pé… u.”
“Mbók nèk ra mudhêng ki takón sík, dadi nèk ómóng ora ngisin-isini, kónmutêr ki bèn mumêt på?! Síng bênêr ki kómputêr….., cah nèk ra tau mangan sêkolahan yå kåyå kowé kuwi….”
Ngrungókké sindhirané kakangé, Karmo gúr njêgègès, malah têrús nêrangaké nganggo bahasa Indonésia.
“Coba bayangkan dalam satu bulan saja di sêkitar kita ini sudah têrjadi lima kali pêncurian dan anèhnya sêpêrti di jadwal. Hari ini sêbêlah barat, dua hari kêmudian timúr, têrús sêlatan, utara… wah uédan tênan. Apa polisi tidak bêrtindak yå Mas?! Wah….. sungguh têrlalu!” Karmo nirókaké gayané salah sawijiné pêran ing sinêtrón Êntóng.
“Iyå, aku ngêrti, têrús aku kón ngåpå?” sêmauré Pak Sarmín.
“Lho…. Sampéyan niku pripún tho Mas, lha wóng kêmarin kan kantóré Mas Sarmín baru dapat kiriman lima sèt kómputêr lêngkap, pasti mêréka sudah tahu. Saya yakin lima ratús pêrsèn kalau sêbêntar lagi pasti mênjadi TO-nya para pêncuri itu!”.
“Kowé kuwi ómóngan nyêlót ra nggênah, lé mu sinau bahasa Indonésia ki nèngêndi to Mo, wóng yakin kók limangatús pêrsèn, éh…. Mo, TO kuwi åpå tó?”
“Wah Mas Sarmín ki kurang gaúl tênan, TO itu singkatan dari Targèt Opêrasi!! you know?!… yå opêrasinya pårå pêncuri itu,” Sarmo njawab karo nyêngèngès.
“O… alah Mo… Mo, mbók nyêbút. Lha wóng kowé kuwi gúr lulusan kathók cêndhak waé kók kêmaki!”
Durúng suwé anggóné pådå rêmbugan, Parjo katón nyêdhaki bapaké karo nggawa bungkusan.
“Pún dangu, Lík? Niki kula tumbaské gorèngan, mumpúng taksíh angêt. Niki Pak kula tumbaské sês, rêmêné bapak!” Parjo ngulúngaké rókók marang bapaké. Karmo njawab pitakóné ponakané térús nyaút témpé gorèng lan lómbók rawít.
“Wah kowé kalêbu wóng síng untúng, Mas! Anak múng siji, gèk ngêrti marang wóngtuwå. Lha aku iki anak papat, jan blas ora ånå síng ngêrti siji-sijia. Åpå manèh nukókké rókók, isané ya nyêlêri rókóké bapaké! Parjo ki sakiki kêrja nènggêndi ta, Mas?”
“Ora kêrjå åpå-åpå, nèk tak takóni jaré yå múng bísnís kêmbang karo kancané, kuwi lho… síng jênêngé Jêmani karo Gêlómbang Cinta åpå piyé? Aku ra pati mudhêng.”
***
Wiwít soré råså atiné Pak Sarmín ora kêpénak, tansah was-was ora ånå jalarané. Biså ugå yå amarga pêngarúh ngimpiné dhèk wingi bêngi. Ngimpi síng kanggoné wóng-wóng jaman ndhisik ånå sasmita síng ora bêcík. Miturút piwulang Jåwå, ngimpiné ånå pérangan wêngi kang diarani puspåtajêm, miturút pårå pinisêpúh biyasané bakal numusi. Pak Sarmín ngimpi yèn untu nduwúr pathal siji.
“Pak…, mbók rasah digagas, lha wóng ngimpi kuwi kêmbangé wóng turu…,” ngono sêmauré bojoné rikålå dicêritani ngimpiné. Udåkårå jam wolu bêngi, Pak Sarmín mangkat mênyang kantór nindakaké pakaryané jågå malêm.
Kirå-kirå jam sêtêngah siji bêngi Pak Sarmín wêrúh klébaté wóng loro kang nuju marang ruang kómputêr, sajaké nyubriyani, têrús dhèwèké ndhêdhêpi. Nyumurupi ruang kómputêr kasíl dibukak, Pak Sarmín katón gêmêtêr, sikilé kåyå dipaku nèng njogan. Pak Sarmín gumún, malíng saiki pancèn pintêr-pintêr tênan, lha wóng ruangan ånå kunciné kók biså dibukak kanthi gampang. Diwanèk-wanèkké, Pak Sarmín nyaút kayu póthólan sikíl kursi, nyêdhaki wóng loro kang mbukak ruang kómputêr, émané praupané wóng loro mau ora katon, amargo ditutupi nganggo topèng. Sawisé cêdhak, Pak Sarmín nggêtak sak rosané, dadi kagèté wóng sakklórón mau.
“Arêp dhå ngåpå kuwi???”
Krungu suarané Pak Sarmín, pawóngan síng isíh ånå njåbå kagèt têrús mlayu sipat kupíng. Luwih kagèt pawóngan síng isíh ånå njêro, rikåla mlayu mêtu dhadhané diantêm nganggo kayu sikíl kursi, “blukk!!!” tanpa sambat sak nalikå klêngêr, lan njêbabah ånå têras. Nyumurupi síng digêbúg ambrúk, Pak Sarmín tambah gêmêtêr, katón ngós-ngósan, têrús ndhéprók ånå cêdhakké pawóngan mau. Sakwisé gêmêtêré rådå mêndha, topèngé pawongan mau dibukak.
“Lho… kók kowé, Parjo!”
Pak Sarmín sémapút.

07. Gela

Asih unjal ambêgan barêng kumbahan síng pungkasan rampúng diucêk. Sabún buthêk tilas kumbahan disuntak, diganti banyu rêsík kanggo mbilasi. Nêngah-nêngahi mbilasi, Asíh kèlingan wêlingé ragilé mau ésok, sadurungé mangkat sêkolah.
“Aku gawèkna kolak yå, Mak,” mêngkono panjaluké.
“Iyå,” wangsulané Asíh cêkak.
Kèlingan panjaluké anaké kuwi, Asíh ora nêrúsaké anggóné mbilasi. Mumpúng isíh ésok gagé ngadêg saprêlu blånjå kanggo gawé kolak. Ranti, ragilé kuwi, wiwít cilík angèl mangan. Awaké cilík. Tujuné kók isíh gêlêm módót, dadi ora kalah dhuwúr karo sabarakané. Mulå Asíh kêrêp nuruti yèn Ranti njalúk digawèkaké panganan.
“Arêp nyang êndi, Dhík?” Warsi, tangga pas kidulé, arúh-arúh.
“Têng nggéné Supi, Dhé War, blånjå,” sauré Asíh tanpå mandhêg.
Wayah ngéné iki lagi sêpi-sêpiné swasånå. Mêrgå síng sêkolah lan kêrjå wís pådhå mangkat, síng ånå ngomah iwut nandhangi pêgawéan omah. Asíh nyabrang. Dhèwèké kulinå nyidat dalan liwat kêbóné Mbah Tiah sabên arêp blånjå nèng pracangané Supi. Lagi waé têkan sabrang dalan, Asíh diawé Sutar, dudå tanggané síng taún-taún pungkasan iki wís katón ora sigrak. Jaréné kêna gêjala strok.
“Mandhêgå dhisík Yu Síh.”
“Èntên nåpå, Mbah?” takóné Asíh.
“Nuning kayané arêp babaran, Tulúng sampéyan ingúk…”
Tanpå takón-takón manèh, Asíh mlaku rikat mlêbu omah. Tansåyå rikat barêng krungu tangisé bayi. Íng salah sijiné kamar, Nuníng, ontang-antingé Sutar kuwi nggléthak ånå ambèn kanthi dlèwèran kringêt lan êlúh. Íng sêlané sikíl ånå bayi abang gupak gêtíh síng nangís kêjêr.
“Gústi,” sambaté Asíh mêruhi kahanan iku. Pådhå-pådhå wóng wadón síng wís ngrasakaké babaran, Asíh bangêt trênyúh ndulu kahanan síng ånå ngarêpé. Bayi síng isíh jangkêp karo ari-ariné énggal diupåkårå sabisa-bisané.
Asíh nolèh nalikå ånå wóng liya mlêbu kamar iku. Mbah Tiah.
“Andúm gawé nggíh, Mbah,” ujaré Asíh. Wóng wadón tuwa iku tumandhang tanpå kakèhan ómóng. Ora suwé såkå têkané Mbah Tiah, Munah lan Lastri têrús mårå, njúr iwut nggódhóg banyu. Lastri kåndhå yèn wís kóngkónan ipéné supåyå ngaturi bidhan ugå njujuli Kandar, bojoné Nuníng. Asíh ngopèni síng bubar babaran. Awaké Nuníng disékå banyu angêt nganti rêsík.
“Yu Síh ki lho olèhé dhókóh. Kåyå nyang anaké waé,” kandhané Lastri síng ngréwangi Asíh, ngringkêsi jarít-jarít rêgêt.
“Bèn ndang rêsík,” múng kuwi síng mêtu såkå lambéné Asíh sinambi masang stagèn ing wêtêngé Nuníng.
Kamångkå sêjatiné sênajan múng saklêpasan, nalika ngrêsiki gêtíh babaran iku Asíh kèlingan lêlakón síng wís mungkúr. Wêktu Nuníng isíh duwé anak siji lan panguripané durúng rêkåså kåyå saiki. Kajåbå omah síng wís tumåtå, Nuníng isíh duwé tinggalan dhuwít lan anggón-anggón cukúp såkå swargi ibuné. Nuníng njúr bribík-bribík gawé pracangan.
Asíh isíh élíng nalikå dhèwèké mlaku rikat mênyang pracangané Nuníng saprêlu utang puyêr sakbungkús síng diajab bisa nyudå lårå untu síng disandhang bojoné.
“Têlas, Dhé Síh puyêré,” kandhané Nuníng.
Asíh têrús kóngkónan anaké tanggané supåyå nukókaké puyêr. Bocah síng dikóngkón kêlakón nggåwå puyêr lan ómóng yèn tukuné nèng nggóné Nuníng. Asíh ora biså ngampêt nêsuné.
“Kók apík kowé, Mbak, diutangi puyêr siji aé muni êntèk barêng tuku kók têrus ånå. Urípmu kuwi durúng suwé, durúng kêsandhúng rêkasané!” Asíh ngundhåmånå. Síng diundhåmåné ora mangsuli.
“Wís, Pak, ora usah diombé. Mugå-mugå tanpå ngombé puyêr iki untumu biså mari,” nêsuné Asíh durúng sudå wêktu têkan omah. Puyêr siji kuwi ora sidå diombé bojoné. Dadi tumbal gêni pawón síng mramóng. Bojoné Asíh múng trimå kêmu godhógan banyu surúh síng ditambahi uyah sithík. Nganti saiki untuné malah wís ora kumat manèh.
Duwé anak loro, Yónó lan Titin, uripé Nuníng tansåyå mulúr malah rêkåså. Bojoné síng nalikå mantèn anyar bral-bról akèh dhuwít, ora ngêrti mêrgå åpå, ujug-ujug lèrèn såkå pêgawéané ånå kuthå. Kandar pungkasané múng biså dadi mantri pasar. Pêgawéan síng dilakóni múng sêtêngah dinå kuwi ora bisa nyukupi butúh sabên dinå. Kandar dhéwé ora mbudidya golèk tambahan pamêtu liyané malah sók kèli ombyaké togêl. Prancangané Nuníng kukút. Anggón-anggóné nganti bêkakas njêro omah kadól diijólaké butúh.
Awaké Nuníng tansåyå kuru. Katón luwíh tuwå tinimbang umuré. Jèngkèl síng dirasakaké Asíh nyang Nuníng wis sudå. Mula Nuníng wani nêmbúng utang dhuwit. Anggêr ditagíh pijêr sêmåyå. Wêrúh kahanan síng kåyå ngånå, Asíh malih ora ngarêp-arêp dhuwité. Apamanéh mèh sabên uwóng ngêrti yèn utangé Nuníng nganti têkan ngêndi-êndi.
Asíh babar pisan ora ngira yèn bobotané Nuníng wis tuwå. Awaké síng bangêt kuru nyêbabaké wêtêngé ora katón gêdhi. Barêng wís ora isi bayi, wêtêng iku kaya kêlèt gêgêr. Tujuné Gústi Kang Maha Kuwasa isíh paring wêlas. Sênajan lair såkå ibu kang ora kêrumat awaké, bayiné Nuníng lair kanthi ora kurang sawiji åpå.
Isíh ånå síng mårå nèng omahé Sutar. Patmi têkå bêbarêngan karo Bu Wulan, bidhan déså. Bidan iku njúr ngêthók pusêré bayi. Déníng bidhan têrús didusi sisan. Mêrgå ora ånå pasêdiyan wêdak bayi åpådéné lêngå têlón, bayi anaké Nuníng kêpêkså langsúng digêdhóng. Suwé sawisé ibu lan bayiné diupåkårå, bapaké bayi mêksa durúng têkå. Mångkå pasar iku ora adóh. Umpåmå mlaku waé kuduné wís têkan. Ånå síng budal nyusúl manèh.
“Orané tå, Mbak Nuníng, nalikå mbóbót síng kèri iki sampéyan åpå ora disênêngi Kandar?” takóné Asíh ati-ati.
Sing ditakóni bali dlèwèran luhé.
“Mas Kandar mbotên purún ngakèni nèk niki yogané kók, Dhé Síh…” Nuníng kêråntå-råntå. “Kandhané Bapaké Yono, wóng mêsthi ditókakên wontên njawi kók sagêd ngandhút.”
“Lha nèk ora ngakoni kuwi rumangsané Kandar iki anaké såpå?” gênti Mbah Tiah síng ndhêdês karo srêngên.
“Têrosé yogané Bapak… kulå ngantós sumpah-sumpah yèn pancèn iki yogané Bapak kêrså né mbótên sisah lair.” Síng krungu nganti sawêtårå ora biså ngucap.
“Sawangên tå, Dhúk, gèk anakmu iki nggåwå rupané såpå? Wóng jênah jèblês Kandar ngånå lho!” Mbah Tiah mbukani ómóng, mêcah sêpiné kamar. “Karomanèh åpå Bapakmu wís mingêr yèn tumindak ngono nèng kowé.”
Sawisé ngêrti yèn mangkono kêlakuané Kandar, Asíh lan Mbah Tiah tumandang nggêntèni tanggúng jawabé bapaké bayi, ngrêsiki ari-ari.
“Sampéyan sêbút Mbah, mêngké yèn èntên napa-napané kêrsané bapaké bayi niki síng nanggúng,” ujaré Asíh gêtêm-gêtêm.
Nganti síng nusúl wís ngayahi pêgawéané manèh, Kandar mêkså durúng ngatónaké irungé. Pisan iki wóng-wóng síng ånå kånå njalúk tulúng RT supåyå marani Kandar. Síng pådhå réwang isíh durúng bali. Nêrúsaké nggawé jênang abang jênang sêngkålå. Kabèh wís biså nglênggånå yèn bayi kang nêmbé lair iku ora dibrókóhi kåyå adat ing déså kånå.
“Nyuwún pangapuntên sadèrèngipún nggíh, Bu, kulå badhé matúr,” kandhané Asíh nèng Bu bidhan.
“Nggih, Dhé, wóntén nåpå?”
“Mbók bilih mangké Mbak Nuníng badhé suntík KB lan mbótên gadhah dhuwít, njênêngan suntik mawón nggih, Bu. Wóng kawóntênané nggíh kadós ngatên. Mêsakakên mênawi gadhah mómóngan malíh,” têmbungé Asíh nglancangi.
“Nggíh, Dhé Sih, kulå mbótên kawratan,” wangsulané bidhan ayu iku, nglêgakaké.
“Mênawi ngêrsakakên suntík mangga mawón, Mbak Nuníng, tindhak griya kulå.”
“Matur nuwún, Bu,” kandhané Nuning.
Nyatané RT kuwagang nggåwå mulíh Kandar. Lagi mathúk lawang wís dipapag Asíh.
“Mas Kandar, tulúng sampéyan tumbasakên wêdhak bayi lan minyak têlón,” pakóné Asíh kanthi sarèh. Ora ngatónaké rasané.
Rampúng kabèh síng kudu ditandangi ånå omahé Nuníng, Asíh mulih bêbarêngan karo tånggå liyané. Ora sidå blånjå mêrgå wis kawanên. Têkan ngarêp omahé Warsi, Asíh wêrúh síng duwé omah lagi dóndóm cêdhak lawang. Kêbênêran wóngé nolèh barêng ngêrti klébaté.
“Dhé War, kulå wau sampéyan takèni mungêl badhé blanja. Tibané mbótên sidå. Mbak Nuníng babaran,” ora nganggo ditakoni, Asíh sêngaja muni.
“Aku ora krungu é Dhik,” wangsulané Warsi, måråtuwané Nuníng.
“Putu sampéyan síng nêmbé lair niki èstri. Ayu blóngór. Jan jêblès bapaké,” Asíh njúr bablas mulíh. Ora ngêntèni tanggêpané Warsi. Múng mbatín yèn simbók karo anak kók pådhå waé, ora ånå síng kêna dipilíh. Mokal mênåwå Warsi nganti ora ngêrti yèn Nuníng babaran. Omahé Nuníng isíh biså disawang cêthå såkå omahé Warsi. Gèk tånggå síng mårå ugå akèh. Pancèn wís sawêtårå suwé måråtuwå lan mantu iku anggoné ora cócók. Asíh ora ngêrti sêbab síng sabênêré. Asíh uga éthók-éthók ora ngêrti bab ora cócóké Nuníng lan Warsi.
Durúng nganti sêpasar, Asíh krungu yèn bayi wadón anaké Nuníng iku arêp diwènèhaké uwóng. Síng ngêpèk sêduluré Sari síng wís suwé omah-omah níng durúng duwé mómóngan lan manggón ånå kuthå.
“Kandar dhéwé kók, Yu Síh, biyèn síng tåwå-tåwå mbókmênåwå ånå wóng síng gêlêm ngêpèk anaké. Sadurungé babaran kaé. Aku krungu têrus crita nyang sêduluré bojoku síng tau rasan-rasan arêp golèk anak pupón. Golèké síng cêthå wóng tuwané sakêlórón. Mulå yå têrús digêlêmi déníng sêduluré bojoku,” kandhané Sari dåwå nèng Asíh sing nlêsíh kabar mau.
Bubar sêpasar anaké Nuníng digåwå wóng síng ngadopsi.
Ora nganti sêwulan, nalika anggóné mélu lårå ati mêrga wêrúh pokalé Kandar isíh dirasakaké, Asíh wêrúh Nuníng lan Kandar gojèg nèng iringan omah. Wóng loro katón rukún sajak wís nglalèkaké kêdadéyan-kêdadéyan sadurungé. Asíh malah gêlå. Åpåmanèh sawisé ngêrti ing sasi-sasi sabanjuré Nuning ora mårå suntik KB nèng Bidan Wulan.


2 Komentar

2 thoughts on “CerKak

  1. Setyarini Dyah Utari

    Kulo rumangsa mongkog, dene ing zaman punika taksih wonten priyayi engkang karsa nglestantunaken budaya Jawi, langkung-langkung produktif kados pun diasraka punika.
    Langkung2 kangge kawula ingkang wonten paran. Maturnuwun sanget …
    Teras mbabarkaken karya adiluhung, sadherek. Amrih lestantun budaya kita.

    • sembah nuwun awit kunjunganipun,
      sampun patut kita sedaya mbabaraken budaya ingkang adiluhung, amrih lestari mboten keri ing jaman
      @setyarini

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Buat situs web atau blog gratis di WordPress.com.

%d blogger menyukai ini: